Ngrimati Gesang Pancaran Air Hidup 11 Februari 2026

11 February 2026

Waosan: Wulang Bebasan 6 : 6 – 23  │  Pamuji: KPJ. 421
Nats: “He wong kesed, maranana semut, lakune titenana lan dadia pinter.” (Ayat 6)

Ing salebeting gesang wonten unen-unen ingkang mekaten, “Gajah di pelupuk mata tak tampak, semut di seberang jalan tampak”. Tegesipun unen-unen punika: kakiranganipun tiyang sanes ketingal cetha sanget, nanging kakiranganipun piyambak mboten katingal. Unen-unen punika ngginakaken kewan gajah lan semut. Kalih kewan punika jelas benten, katingal saking ukuranipun. Bilih kita ningali gajah lan semut, kados-kados kita namung saged ningali kaluwihanipun gajah, contonipun: gajah punika kewan ingkang kiyat ngangkat momotan ingkang awrat. Kosokwangsulipun, bilih kita ningali semut, kadosipun mboten wonten kaluwihanipun amargi saking alitipun semut punika.

Waosan kita ing dinten punika paring paseksi lumantar gambaran semut. Semut inggih punika kewan ingkang sregep, katingal wonten ing waosan kita dinten punika, nadyan ta mboten wonten pemimpinipun (Ay. 7) semut punika sregep ngempalaken tedhanipun (Ay. 8). Wonten mangsa panen, semut ngempalaken punapa ingkang saged dipun kempalaken. Ing salebeting ekosistem, semut ugi nggadhahi tugas, kados: ngurai sampah, ngendaleni hama, ugi mbantu proses penyerbukan tanduran. Satemah semut dipun titahaken sanes dados hama, nanging nggadhahi peran kangge ngrimat pigesangan.

Kados dene semut, ngrimat gesang punika ugi dados timbalan kita. Kita dipun timbali Gusti dados pepadhang (Ay. 23) ingkang saged madhangi margi ing peteng. Kita manungsa titahipun Gusti Allah ugi dipun timbali kangge ngrimat gesang. Gesang ingkang kita rimati mboten namung kangge gesang kita piyambak nanging ugi kangge tiyang sanes lan titah sanesipun. Semut ingkang alit kemawon dipun timbali kangge ngrimat gesang lan dados berkah, punapa malih kita manungsa ingkang dipun titahaken kanthi katresnan lan dipun paringi kamardikan lumantar rah lan sariranipun Gusti Yesus. Lumantar reraosan kita dinten punika, ing wulan tumitahipun jagad punika, mangga kita sumadya kangge ngrimat gesang sesarengan kaliyan titah sanesipun. Mangga kita sami ngestokaken timbalanipun Gusti Allah kangge ngrimati gesang titahipun Gusti ingkang wonten jagad punika. Amin. [CDS].

“Pameleh kang isi pamerdi iku dalaning urip.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak