Harmonis Pancaran Air Hidup 11 Februari 2025

11 February 2025

Waosan: 1 Timotius 3 : 1 – 9  |  Pamuji: KPJ. 357
Nats: “Iki tembung kang satuhu, “Manawa wong kapengin nggayuh marang kalungguhan pamomong, iku kapengin nindakake pagawean kang adi.” (Ayat 1)

Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahaken langit lan bumi punika kebak ing kabecikan. Gusti Allah nitahaken jagad raya punika kanthi ‘harmonis’. Sadaya katitahaken kanthi tujuan ingkang cetha, inggih punika mujudaken gesang ingkang harmonis. Ananging karana manungsa tumindak dosa gesang ingkang harmonis punika risak. Lajeng punapa ingkang kedah kita tindakaken supados kita saged mujudaken gesang ingkang harmonis ing satengah-tengahing gesang kita?

Serat 1 Timotius 3:1-9 punika gambaraken lakuning pamomonging pasamuan (penilik jemaat). Paulus nyerat bilih pamomonging pasamuwan punika kedah dados tuladha lumantar sikep dan tumindak gesangipun. Ing konteks punika kita mangertos tumindaking tiyang Kristen ingkang becik saged mujudaken gesang ingkang harmonis. Awit punika, pamomonging pasamuwan kedah mboten cacat, semahipun setunggal, wicaksana, gesangipun sopan, ramah. Piyambakipun saged ngajar, mboten remen anggur, mboten remen padu, mboten serakah. Ing satengahing brayat, piyambakipun kedah saged mimpin brayatipun kanthi becik, anak-anakipun manut lan urmat. (Ay. 5). Selajengipun pamomonging pasamuwan punika sanes dados tiyang ingkang nembe mratobat, supados piyambakipun mboten gumunggung (Ay. 6). Mekaten ugi kanggenipun para diaken kedah jujur, mboten ganda basa, mboten kathah remen anggur, mboten serakah. (Ay. 8) Piyambakipun kedah saged njagi rahasia sarta kagungan iman ingkang murni. (Ay. 9)

Timbalan dados pamomonging pasamuwan punika dados timbalan ingkang mulya, kangge nindakaken pakaryanipun Gusti. Pramila, kita ingkang dipun pitados dados pinituwa lan diaken pasamuwan kedah njagi integritas, nresnani warga kanthi tulus, sarta dados tuladha ing kasaenan. Kanthi mekaten, kita saged ngiyataken warga pasamuwan lan mujudaken gesang ingkang harmonis ing pasamuwan. Bilih Gusti Allah sampun nitahaken donya kanthi harmonis, sumangga kita tindakaken timbalan kita kanthi tanggel jawab lan komitmen dados pinituwa lan diaken pasamuan ingkang sae, mujudaken gesang harmonis ing pasamuwan lan pigesangan sadinten-dinten. Amin. [Man Yu].

“Keharmonisan adalah jalan menuju keindahan dan keseimbangan”
— Johann Sebastian Bach –

Renungan Harian

Renungan Harian Anak