Wadhah Grabah Renungan Harian 11 Februari 2020

11 February 2020

Waosan : 2 Korintus 4 : 1 – 12 | Pamuji :  KPJ. 106
Nats:
“Nanging rajabrana kita iki kawadhahan ing grabah, supaya tetelaa manawa kakuwatan kang ngedab-edabi iku asale saka ing Gusti Allah, dudu saka awakku dhewe” (Ay. 7)

Menawi kita raosaken, kawontenan kita manungsa punika kebak ing karingkihan. Ananging bilih kita ngeparengaken Gusti Allah makarya ing salebeting gesang kita, Panjenenganipun karsa ndadosaken karingkihan kita dados kakiyatan. Kita pitados, Gusti ingkang Maha Kuwaos karsa ngagem tiyang limrah, tiyang mboten sampurna, kekirangan lan winates kagem nyataaken pakaryanipun. Kawontenan kita mboten langkung sae tinimbang grabah ingkang gampil benthet, ciri lan pecah, ananging bilih kita masrahaken gesang  dhumateng Gusti minangka Sang Kundhi (tukang grabah), Panjenenganipun saged dadosaken kita kados ingkang dipunkersakaken miturut karsanipun.

Kita punika pancen manungsa ingkang winates, ananging kita tansah pitados bilih Gusti ingkang kita sembah inggih Gusti ingkang kagungan panguwaos kang tanpa winates. Pramila menawi wonten tembung bilih Gusti minangka “tan kena kinaya ngapa” saestu bilih kawontenaniPun nglangkungi samukawis prekawis ing jagad punika. Panjenenganipun mboten saged dipun batesi kaliyan winatesing gesang kita. Karana punika kita kedah ngakeni kanthi jujur tumrap sedaya karingkihan kita wonten ing ngarsanipun Gusti lan tansah saos syukur wonten ing sadengah gesang kita. “ Saiki kita padha sumurup, yen Gusti Allah uga makarya ana ing samubarang kabeh, njalari becike wong kang padho tresna marang Panjenengane, yaiku para kang tinimbalan miturut ing pepesthening Allah” (Rum 8:28).

Lumantar sedaya karingkihan, kita saged sinau bilih gesang kita sawetah namung gumantung dhumateng Gusti. Kita kedah rumaket lan tansah andhap asor. Bab punika ndadosaken kita katebihaken saking sipat ngandelaken kakiyatan pribadi ugi manah ingkang sombong. Sampun ngantos kita ajrih dhumateng iblis ingkang asring ngandelaken karingkihan kita, ananging kosok wangsulipun sumangga kita lawan kanthi tansah rumaket ing dhawuh pangandikaniPun Gusti.  (KHM).

“Sing sapa pracaya marang Aku, iku bakal nindakake uga panggawe-panggawe kang Daklakoni, malah panggawe-panggawe kang luwih wigati…”  (Yokanan 14:12).

Renungan Harian

Renungan Harian Anak