Waosan: Yesaya 26 : 7 – 15 | Pamuji: KPJ. 203
Nats: “Marginipun tiyang leres punika lurus, amargi Paduka ingkang miwiti nglencengaken marginipun.” (Ayat7)
Wonten satunggal pepujian ingkang paring gambaran bab panganthi sarta pangayomanipun Gusti, inggih punika “Jalan Hidup Orang Benar”, ingkang mekaten suraosipun:
Jalan hidup orang benar diterangi oleh cahya Firman Tuhan
Jalan hidup orang benar semakin terang hingga rembang tengah hari
Apabila ia jatuh tidaklah dibiarkan sampai terg’letak
S’bab tangan Tuhan jua yang menopangku dan membangunkan ku kembali
Raos pepujian punika cundhuk kaliyan punapa ingkang karaosaken Nabi Yesaya bab panganthinipun Gusti Allah. Nabi Yesaya nyumerepi ing lelampahan gesangipun Bangsa Israel punika, asring bangsa Israel punika kelu ing ombyaking jaman, satemah asring nebih saking Gusti Allah lan katuntun dening penggalihipun piyambak. Ananging, sanajan Bangsa Israel punika asring mbalela, tuntunaning Gusti Allah punika tanpa winates. Gusti Allah tansah nyawisaken margi ingkang becik lan lurus kangge Bangsa Israel. Margi ingkang becik punika saged katempuh lumantar kasetyan nindakaken Sabda Pangandikanipun Gusti. Margi ingkang lurus punika badhe nuntun Bangsa Israel dhateng kawilujengan. Nanging, nalika Bangsa Israel lumampah miturut pikajengipun piyambak lan sansaya nebih, Gusti Allah kanthi setya paring pepenget sarta pitulungan supados Bangsa Israel sageda lumampah malih ing margi ingkang lurus lan nampi karaharjan.
Sacara kamanungsan, kita ngrumaosi kawinatesan kita. Asring ing lelampahan gesang kita, kita namung mlampah miturut pikajeng kita piyambak. Ing satengahing lelampahan punika saged ugi kita manggihi prahara utawi prakara ingkang nebihaken manah saking katentreman. Nanging, paseksi saking Nabi Yesaya ing dinten punika paring pepenget dhateng kita sami, bilih Gusti tansah nyawisaken margi ingkang becik lan lurus kangge kita. Kadosdene Gusti Allah ingkang nganthi Bangsa Israel, mekaten ugi Gusti Allah nganthi gesang kita. Gusti Allah paring pepenget lumantar maneka werni pratandha supados kita lumampah ing margi ingkang sampun kacawisaken. Punika sadaya wujud pangrimatan saha katresnanipun Gusti dhateng kita, supados kita para pitados katebihaken saking kacilakan sarta pikantuk karaharjan. Sumangga, kita tansah ngupadi lumampah ing margi ingkang lurus punika. Sumangga, mboten semplah ing manah nalika kita nampi pepenget saking Gusti, awit sadaya punika wujuding pangayoman ingkang sejati. Amin. [xie].
“Rahayu tiyang kang netepi dhawuhé, ngambah dalaning préntahé Gusti.”