Waosan: Lukas 1 : 57 – 66 | Pamuji: KPJ. 184
Nats: “Nalika tangga-teparone lan sanak sadulure krungu pawarta yen Gusti Allah wis paring sih kamurahane kang samono gedhene iku, padha melu bungah.” (Ayat 58)
Pancen limrah menawi katresnan punika saged kacipta nalika nyawang tiyang ingkang dipun remeni. Saking sawang-sawangan, lirik-lirikan, lajeng kenalan lan pacaran, sokur menawi dados semahipun. Tresna Eros, punika tresna krana kulit, pasuryan, selera, ingkang dipun landesi nepsu. Tresna Filia, punika tresna ingkang arupi ajen-ingajeni, urmat-ingurmati, asih-ingasihi, mboten nepsu kemawon, nanging sampun nggatosaken lan ngrimat tiyang ingkang dipun tresnani. Tresna Agape, punika tresna ingkang tanpa pamrih, maringi senaosa benjing dinten mboten dipun wales, nresnani tanpa nyuwun punapa-punapa, dhasaripun tulus eklas paring tresna tanpa pamrih.
Zakharia lan Elisabet tamtu sampun dangu anggenipun mbangun gesang bebrayan. Senaosa Elisabet sampun kliwat ing mangsa lan dereng nggadah putra nanging kekalihipun saged gesang tresna-tinresnan. Tresna tulus suci Zakharia lan Elisabet punika manggihi nugraha saking Gusti Allah. Malaekatipun Gusti Allah manggihi Zakharia lan paring pawartos bilih Elisabet badhe ngandhut putra. Mboten sembarang putra, nanging putra ingkang piniji dening Gusti Allah. Putra ingkang badhe nindakaken tugas ageng, nyebar pawarta pitobat, temahan bangsa Yahudi saged nyembah dhumateng Gusti Allah malih. Zakharia dados bisu langkung rumiyin awit nggadhahi raos mboten pitados. Ing selajengipun Zakharia lan Elisabet saged sangkul-sinangkul nyanggi kawontenan sesarengan.
Tresna ingkang kasimpen salebeting batos punika saged medal dados raos tanggel jawab wonten ing gesang bebrayan. Saking ngriku, tresna mboten namung bab dhemen krana ayu lan nggantheng, nanging krana sampun manggihi Gusti Allah wonten ing salebeting gesang tresna tinresnan punika. Zakharia lan Elisabet sampun lulus anggenipun mujudaken tresna lan nampi nugraha saha pacoben. Swawi kita saged nresnani kanthi tulusing manah brayat kita, senaosa ewed, senaosa nampi pacoben, nanging menawi kita sabar, tresna ingkang dipun jagi punika saged ngatingalaken bilih Gusti Allah rawuh lan ngetingalaken tresnanipun dhateng kita. Amin. [AF].
”Niti priksa nugraha kalawan setya tuhu mbangun tresna.”