Mbangun Dhiri Pancaran Air Hidup 11 Agustus 2025

11 August 2025

Waosan: 2 Babad 33 : 1 – 17  |  Pamuji: KPJ. 452 : 1
Nats: “Ing sajroning kaanan kapepet iku, Sang Prabu ngudi nglilihake panggalihe Pangeran Yehuwah, …” (Ayat 12)

Wonten satunggaling ukara bijak, “Pengalaman adalah guru yang berharga”. Ukara punika paring piwucal dhateng kita bilih kedadosan ingkang sampun kalampahan ing gesang kita punika dados guru ingkang sae supados gesang kita langkung sae. Bilih kita nate gagal ing usaha, kita saged sinau supados salajengipun nalika kita mbangun usaha mboten ngantos ngalami gagal malih. Mekaten ugi bilih kita nate dawah ing dosa lajeng kita mratobat, kita kagungan pengalaman lan piwucal ingkang sae kados pundi anggen kita mranata gesang kita salajengipun supados gesang kita sembada ing ngarsanipun Gusti. Saestu leres bilih pengalaman punika dados guru ingkang sae kagem mbangun dhiri kita.

Prabu Manasye punika jumeneng  ratu wiwit yuswa kalih welas taun, lan ngasta pamrentahan ing Yerusalem dumugi seket gangsal taun. Sadangunipun mrintah, Prabu Manasye mboten saged dados tuladha kagem para umatipun Gusti, awit piyambakipun nindakaken prekawis ingkang awon wonten ngarsanipun Gusti Allah. Piyambakipun ngedegaken tengger-tengger pangurbanan lan misbyah-misbyah ing padalemaning Allah, ndamel reca lan nyembah dhateng wadya-bala ing langit. Prabu Manasye ugi mrintah para umatipun supados ndherek nyembah brahala. Mila saking bab punika Gusti Allah ngemutaken Prabu Manasye kanthi paukuman lumantar Sang Nata ing Asyur (Ay. 11). Nalika ngraosaken awrat ing gesangipun, Prabu Manasye nyuwun pitulungan dhumateng Gusti lan mratobat. Gusti Allah ingkang kebak sih pangapunten maringi pangapunten dhateng Prabu Manasye lan dipun wangsulaken dados ratu ing Yerusalem.

Lumantar pengalaman gesangipun punika, Prabu Manasye ngakeni bilih namung Gusti Allah kemawon ingkang Maha Kuwaos. Lajeng piyambakipun ngajak sedaya umat Israel supados namung nyembah dhumateng Gusti Allah. Pengalaman ingkang dipun alami dening Prabu Manasye saestu dados guru kagem mbangun dhirinipun supados saged gesang kanthi sembada ing ngarsanipun Gusti. Mekaten ugi ing gesang kita tamtu sampun ngalami mawerni-werni prekawis gesang, sae ingkang awon ugi ingkang endah. Sumangga sedaya pengalaman ingkang sampun kita alami punika ndadosaken kita sinau lan ngupadi ingkang sae, mbangun dhiri ingkang langkung sae cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Amin. [GW].

“Saben pengalaman ndadosaken kita tuwuh.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak