Aja Nyalahke Liyan Pancaran Air Hidup 11 Agustus 2023

Waosan: 1 Para Raja 18 : 16 – 19 , 30 – 40 | Pamuji: KPJ.368
Nats:Bareng Sang Prabu Akhab mirsa Nabi Elia, enggal tumuli ngandika marang panjenengane: “Kowe ta iku, heh wong kang gawe cilakaning Israel!” (Ayat 17)

Kersa ngakeni kalepatan, tamtu punika boten prekawis ingkang gampil. Boten namung krana ajrih nampi paukuman, ananging ugi saged kawirangan. Punapa malih bilih sampun nggadhahi jabatan lan panguawos. Supados boten kawirangan, kamangka tiyang ngupadi punapa kemawon supados boten ketawis lepat. Salah satunggaling cara supados boten ketawis lepat, inggih punika nyalahaken tiyang sanes. Kados sampun dados prekawis ingkang limrah bilih ing satengahing prekawis wonten tiyang ingkang dipun dadosaken kambing hitam. Tiyang punika ingkang dipun dakwa dados sumbering masalah, senaosa sejatosipun boten mengertos punapa-punapa. Lelampahan punika saged kalampahan karana saben tiyang namung saged nyalahaken tiyang sanes.

Mekaten ugi ingkang kalampahan wonten pigesangan bangsa Israel nalika ngadhepi pailan ingkang awrat. Prabu Akhab ingkang rikala semanten dados raja Israel ndakwa bilih pailan punika amargi Nabi Elia. Prabu Akhab boten ngrumaosi bilih pailan punika amargi tumindakipun ingkang cidra, ingkang sampun nilar dhawuh pangandikanipun Pangeran Yehuwah lan ngetut wingking para Baal. Panguwaos lan jabatan ingkang dipun gadhahi dening Prabu Akhab boten ndadosaken sansaya wasis ananging malah ndadosaken sansaya tebih saking karsanipun Pangeran Yehuwah. Prabu Akhab boten saged niti pirsa dhateng lelampahaning gesangipun piyambak, ananging malah ndakwa tiyang sanes ingkang dados sumbering masalah.

Nyalahke liyan punika panggawe ingkang langkung gampil tinimbang ngakeni kalepatan kita piyambak, ananging kita kedah waspada amargi prekawis punika saged dados bubrahing patunggilan kita. Wonten ing satengahing gesang kita dados umat kagunganipun Gusti Allah, prekawis ingkang kados mekaten saged ugi kelampahan. Awit saking punika, sumangga anggenipun kita nglampahi gesang padintenan, kita kedah wantun ngakeni kalepatan kita kanthi jujur lan boten namung nyalahaken tiyang sanes. Watak nyalahke liyan mugi katebihaken saking gesang patunggilan kita, supados patunggilan ingkang kita tresnani punika saged kabangun kanthi saiyeg tunggal rasa. Amin. [DAR].

“Aja Adigang, Adigung, Adiguna”

 

Bagikan Entri Ini: