Kasto Renungan Harian 10 Mei 2018

10 May 2018

Waosan : Efesus 1 : 15 – 23 | Pamuji : KPJ. 133
Nats
: “Mulane, aku iki sawuse krungu warta bab pracayamu marang Gusti Yesus lan bab tresnamu marang sakehe para suci, ora kendhat anggonku coas sokur marga saka kowe kabeh” (ayat 15-16a)

Kanthi semangat Pak Kasto criyos bab gesangipun wonten ing zaman penjajahan Jepang. Kathah perkawis ingkang sampun dipun alami, sedih, sangsara, lan ngantos nyawanipun kaancam. Mboten namung karana Pak Kasto tiyang Indonesia nanging sedaya wau dipunalami sesambetan kaliyan iman kapitadosanipun ing Gusti Yesus. Kanthi sedaya pergumulan ingkang dipun alami, Pak Kasto mboten semplah iman lan kapitadosanipun ing Gusti Allah, nanging tansaya kiat lan ngandelaken Gusti Allah ingkang dados sumbering pitulungan ing gesang. Cariyosipun Pak Kasto punika wujud  iman Kristen ingkang dinamis. Iman punika artosipun ngandelaken kapitadosan kita wonten ing ngarsanipun Gusti Allah lan purun nindakaken punapa ingkang dados dhawuh pangandikanipun Gusti.

Pergumulan lan tantangan ing pasamuwan Efesus ugi mboten gampil. Nanging seratipun Paulus punika minangka paseksi iman pasamuwan ing Efesus, ingkang paring pamanggih bilih tiyang ingkang pitados punika ugi kasebat “gereja”. Bilih mekaten, kados pundi tiyang pitados punika gesang? Seratipun Paulus ing ayat 15 mratelakaken,” “Mulane, aku iki sawuse krungu warta bab pracayamu marang Gusti Yesus lan bab tresnamu marang sakehe para suci…”. Artosipun,tiyang pitados kedah ngandelaken iman kapitadosanipun wonten ing sedaya perkawis lan ngadhepi punapa kemawon ing gesang. Ingkang dados sumbering kakiyatan iman kita punika, pandonga. Pandonga punika wujudaken raos syukur, amargi kakiyatan iman ingkang luar biasa. Kados Pak Kasto ing nginggil kalawau kita ugi dipun timbali supados ngandelaken kapitason kita wonten ing gesang.  Kanthi makaten, tiyang sanes badhe mireng lan tumut wujudaken raos syukur ing gesangipun. Sumangga kita wiwiti saking diri kita piyambak-piyambak,  wonten ing gesang padintenan. (Kulz)

“Iman ingkang gesang lan tuwuh maujud ing sedaya perkawis lan pergumulan sarta mujudaken paseksi iman lan raos syukur”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak