Waosan : Yokanan 3 : 1 – 13 | Pamuji : KPK 68
Nats: “Paring wangsulané Gusti Yesus: “Satemen-temené pituturku ing kowé: Wong menawa ora kalairaké saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah.” (ay. 5)
Menawi kita nggatosaken tiyang ndamel wédang kopi, tamtunipun tiyang punika nyawisaken rumiyin gelas kothong ingkang sampun resik. Nembé dipun isi kopi bubuk, gendhis, toya panas, lan lajeng dipun udheg.
Jrèèèng….. wedang kopi sampun saged dipun nikmati sesarengan kaliyan kaspé gorèng anget-anget…. Tuwuh pitakèn: “Punapa boten saged damel wédang kopi nanging gelasipun boten kosong? Upaminipun gelas punika taksih wonten letheg sisa wedang kopi kalawingi…” Wangsulanipun: Saged kémawon, nanging sinten ingkang purun nginum? Punapa malih menawi gelas punika taksih woten isinipun toya korahan, wah… tamtu namung tiyang “boten waras” ingkang purun nginum……..
Mekaten ugi kaliyan kawujuding gesang énggal utawi lair énggal, kita ugi kedah purun ngothongaken panggalih lan gesang punika saking prekawis-prekawis ingkang asipat kadonyan. Dhawuhipun Gusti Yesus, mliginipun ing ayat 5 paring pepènget dhateng kita ing bab punika. “Kalairaké saka banyu lan Roh” punika ngemu teges bilih gesang kita sampun samesthinipun dipun kuwaosi sawetahipun déning Rohipun Gusti.
Lha menawi gesang kita taksih kabidhung lan kèli kaliyan prekawis-prekawis ingkang asipat kadonyan; nengenaken, ngutamèkaken sarta namung adhedhasar bab-bab kadonyan, mila kawujuding lair énggal kados karsanipun Gusti wau badhé dados perkawis ingkang uuèèwet tur nganggé suuaaanget… Gusti Yesus ugi dhawuh, “Apa kang lair saka ing daging iku daging lan kang lair saka ing Roh, iku roh.” Dhawuhipun Gusti punika negesaken saiba wigatosipun ngothongaken gesang kita, lan nampi panguwaos sarta panuntunipun Sang Roh Suci murih kawujuding lair énggal utawi gesang énggal, inggih gesang ingkang tumuju dhateng kayektosan, karahayon/ kawilujengan, saé ing gesang samangké ugi ing tembé.. donya lan akhérat…. [wn]
“nanging kula gesang, namung kémawon sanès kula piyambak malih ingkang gesang, namung Sang Kristus ingkang gesang ing kula.” (Galati 2: 20a)