Madhangisingturu Renungan Harian 10 Februari 2018

10 February 2018

Waosan: Lukas 19:41-44  I  Pamuji: KPJ 431
Nats:
“… Adhuh, iba becike menawa ing dina iki uga kowe nyumurupi apa kang prelu kanggo tentrem rahayumu!…” (ayat 42)

 

Jejer ing nginggil punika menawi kajarwaaken kirang langkung “Urip iku mbok ya aja mung madhang ngising turu nanging bisaa madhangi sing turu.” Tiyang ingkang gesangipun namung “madhang, ngising, turu” nuduhaken bilih tiyang punika sampun sakeca kaliyan kawontenanipun, ewa semanten boten perduli babar pisan kaliyan sakiwa-tengenipun.

Plato, satunggaling tiyang wicaksana ing Yunani ngengetaken patraping gesang ingkang namung “madhang, ngising, turu” punika kados dene tiyang ingkang gesang ing salebeting guwa. Ing salebeting guwa punika tiyang kraos anget, sakeca krana punapa ingkang dipunbetahaken sampun sumadya, pramila tiyang punika lajeng ewet medal saking salebeting guwa. Plato menginaken tiyang punika medal, mirsani endahing srengenge ingkang sumunar lan mirsani donya ingkang jembar.

Gusti Yesus lumebet ing kitha Yerusalem. Gusti pirsa kados pundi tumindak lan wangkotipun tiyang ing salebeting kitha Yerusalem punika. Gusti muwun krana kitha Yerusalem punika. Kenging punapa? Awit sampun kathah nabi ingkang kautus kangge ngengetaken tiyang-tiyang punika, kangge mbikak mripatipun supados wanuh marang kayekten sejati, nanging boten wonten babar pisan para nabi punika ingkang kanggep. Malah-malah Gusti Yesus, ingkang mesthinipun dados pepadhang sejati, kangge madhangi sing turu, Sang Mesih ingkang estunipun dipun anti-anti dening tiyang-tiyang Yahudi malah dipun salib-aken.

Pancen gesang punika kedah nggadhahi tujuan, pramila sesepuh kita paring piwucal:  “urip iku bisaa madhangi sing turu”. Kenging punapa? Awit samangke taksih kathah tiyang ingkang turu. Tegesipun turu? Taksih kathah tiyang ingkang masrahaken gesangipun dhateng pepeteng, piala, nebihi kabecikan lan tentrem karahayon, supe dhateng Gusti, cidra dhateng sesami.  Tiyang-tiyang punika perlu cecala supados melek, wanuh maring tentrem rahayu. Punika mbetahaken tangan kita kangge cawe-cawe madhangi. Panenan taksih jembar, ngajak kita dados abdining pepadhang supados gesang punika piguna kagem Gusti wah sesami. (pong)

“Madhang ngising turu Vs madhangi sing turu. Pilih endi?”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak