Waosan: 1 Yohanes 2:12-17 | Pamuji: KPJ. 57
Nats: “Sabab samubarang kang ana ing donya, yaiku……pepenginanane mripat……iku pinangkane ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya” (ayat 16)
Ing tahun 2002, wonten lagu ingkang irah-irahanipun “Keinginan adalah sumber penderitaan” (Pepenginan sumbering kasangsaran). Lagu punika kaasta dening penyanyi ingkang naminipun Iwan Fals. Lagu punika saged dipunpirsani ing https://www.youtube.com/watch?v=aWZ1Zn48kLw. Punapa pepenginan punika ndadosaken kasangsaran? Mboten saged ngendalekaken pepinginan ingkang kathah, punika ingkang saged ndadosaken kasangsaran. Menawi pepenginan punika kathah sanget, lan sedaya kedah dipun gayuh, punapa mboten sangsara? Pepinginan punika wonten ing pikiran, nanging asalipun saking mripat, saking punapa ingkang kita pirsani.
Rasul Yohanes nyerat wontenipun pepenginane mripat. Mripat kita saged mirsani punapa kemawon. Awit kita saged mirsani punapa kemawon, milanipun tuwuh raos pepenginan. Contonipun, menawi kita saweg mlampah-mlampah ing papan-papan ingkang rame: ing mall utawi peken kita mirsani barang-barang dagangan ingkang saweg dipunpajang, ing restoran kita mirsani menu tetedan ingkang sekeca, ing pasrawungan kita mirsani tiyang estri ingkang ayu, utawi tiyang jaler ingkang ganteng. Cobi menawi kita mboten saged ngendhaleni pepinginan, lan sedaya ingkang kita pirsani, lajeng dipun pundhut utawi kedah dados kagungan kita, punapa mbotendados masalah lan kasangsaran?
Kita sami dipun engetaken dening Gusti, lantaran Rasul Yohanes, bilih pepenginan mripat punika pinangkanipun saking donya, sanes saking Sang Rama. Punika ateges bilih punapa ingkang kita pirsani saged nggodha kita nindhakaken pandamel ingkang mboten sae, satemah dhawah ing dosa.Gusti Allah Sang Rama ngersakaken kita saged ngendhaleni pepinginan mripat lan tansah waspada supados mboten gampil kagoda. Amin. (SWT)
“Mripat kawula mugi Paduka enggokaken saking barang ingkang tanpa gina”