Waosan: 2 Samuel17:15–29 | Pamuji: KPJ.441
Nats: “Wong wadon iku banjur njupuk lurub, dijèrèng ing cangkeming sumur mau lan disebari las-lasan gandum, temah ora katon apa-apa” (ay. 19)
Nicholas Winton (priyantun saking Inggris) salah satunggal nami ing antawis nami – nami sanesipun ingkang sampun paring pitulung lan milujengaken lare – lare Yahudi saking pati, awit badhe dipun pejahi dening prajuritipun Nazi. Lare – lare Yahudi ingkang rikala semanten saget wilujeng cacahipun 669 lare. Mila punika Winton kaparingan penghargaan kesatria saking Ratu Inggris ing taon 2003.
Mesthinipun, tiyang estri ing Bahurim ingkang kacariosaken ing ayat 18 – 19 waosan kita ugi pinaringan penghargaan awit sampun paring pitulungan dhumateng Yonatan lan Ahimaas. Kanthi milujengaken Yonatan lan Ahimaas, tiyang estri Bahurim punika boten namung mitulungi tiyang kalih kemawon, nanging sedaya tiyang ingkang sesarengan kaliyan Dawud, mbok bilih ugi ngantos maewu – ewu cacahipun. Estunipun tiyang estri Bahurim punika ugi saged milih kangge boten nutupi sumur kalawau kaliyan lurub, nanging nedahaken Yonatan kaliyan Ahimaas dhumateng prajuritipun Absalom. Kanthi mekaten Yonatan kaliyan Ahimaas boten wilujeng, lan mekaten ugi Dawud saha sedaya tiyang ingkang sesarengan kaliyan piyambakipun tamtu badhe katumpes tapis, telas babar blas, pejah! Nanging Gusti Allah ndadosaken tiyang estri Bahurim punika minangka talanging berkah pitulungan sae tumrap Yonatan lan Ahimaas, mekaten ugi tumrap tiyang kathah inggih punika Dawud lan sedaya tiyang ingkang sesarengan kaliyan piyambakipun.
Andum berkah, boten namung sesambetanipun kaliyan bab materi, utaminipun arta, kados ingkang selami punika dados pemanggihipun sawetawis tiyang. Andum berkah punika ugi saged kawujudaken ing kathah prekawis lan mawarni – warni cara. Antawisipun inggih lumantar tumindak utawi lelampahan paring pitulungan dhumateng tiyang ingkang estu-estu mbetahaken. Inggih kados ingkang dipun tindakaken dening Nicholas Winton lan tiyang estri Bahurim kalawau. Ingkang wigatos inggih punika krenteging manah, dados talanging berkah tumrap tiyang kathah. [wn]
“Dhuh Gusti, kadadosna kawula talanging berkah Paduka tumrap pepadha”