Waosan: Markus 7 : 1 – 8, 14 – 15, 21 – 23 | Pamuji: KPJ. 459
Nats: “…. Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kalawan lambe, nanging atine ngedohi Ingsun.” (Ayat 6b)
Sawatawis wekdal ing salah satunggaling pasamuwan nembe ngawontenaken pangabekti Minggu. Kaleresan pangabektinipun mawi basa Jawi. Dumadakan wonten sepasang turis manca negri ndherek pangabekti punika. Ingkang luwar biasa turis punika ndherek ngabekti ngagem busana olah raga. Sasampunipun bibar pangabekti, kula wawan rembag kaliyan turis punika. Turis punika paring katrangan bilih piyambakipun nembe nitih sepeda onthel tumuju Bali. Nalika nglangkungi greja piyambakipun enget bilih dinten punika dinten Minggu. Karana pangabekti sampun milai, piyambakipun mutusaken ndherek ngabekti kanthi ageman sawontenipun. Kula lajeng taken, “Punapa piyambakipun saged basa Jawi?”. Turis punika mangsuli: ”Mboten saged.” Kula pitaken malih, ”Manawi mboten mangertos basanipun, kenging punapa ndherek ngabekti?” Turis punika mangsuli, ”Kula pancen mboten mangertos basa Jawi, nanging punika mboten dados masalah, awit niat kula namung setunggal, nggih punika sowan dhumateng Gusti. Sauger kula sowan kanthi tulus, Gusti mesthi kersa nampi pangabekti kula, punapa malih sawatawis pujian ingkang kapujekaken notasinipun kula tepang, pramila kula ndherek muji kanthi basa kula piyambak. Lan punika ndadosaken manah kula langkung mantep mangun pangabekti dhumateng Gusti.”
Ing waosan kita Gusti Yesus adawuh: sampun ngantos kita ngluhuraken asmanipun Gusti ing lathi kita nanging manah kita nebih saking Gusti (Ay. 6), sampun ngantos kita netepi printah utawi aturanipun manungsa nanging nglirwakaken pepakenipun Gusti (Ay. 8), samubarang ingkang saking njawi mlebet ing manungsa, punika mboten njalari najis, nanging punapa ingkang medhal saking manungsa, punika ingkang marakaken najis. Awit sakatahing piala punika thukul saking lebet lan marakaken najis dhateng manungsa. (Ay. 15, 23).
Mangun pangabekti punika pinanggihan kita kaliyan sesami, nyaketaken dhiri saha manah kita sarta manembah dhumateng Gusti Allah. Sowan dhumateng Gusti punika mboten mawas sugih-mlarat, gedhe-cilik, ireng-putih, mboten mawas bangsa, golongan, basa, adat lan sanes-sanesipun. Sauger kita nggadhahi manah ingkang sami kita saged mangun pangabekti sesarengan kanthi satuhu, madep mantep sowan ing ngarsanipun Gusti Allah. Pramila sumangga kita ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi tulusing manah. Kita jagi dhiri kita, sampun ngantos punapa ingkang medal saking dhiri kita punika najis ing ngarsanipun Gusti. Sugeng memuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti. Mugi Gusti berkahi. Amin. [SW].
“Pinuja asmaning Allah wiwit saka kalanggengan tumeka ing kalanggengan” (Dan 2:20)