Waosan: Pangandharing Toret 4 : 21 – 40 | Pujian: KPJ. 206 : 3
Nats: “Nanging Pangeran Yehuwah banjur duka marang aku marga saka kowe, lan supaos, yen aku ora bakal nyabrang ing bengawan Yarden …” (Ayat 21).
Ketiban awu anget, ora melu-melu ananging nanggung akibate. Pripun raos manah kita menawi nampi paukuman, ananging sanes awit kalepatan kita? Sejatosipun ingkang nindakaken kalepatan tiyang sanes. Tamtu ing manah tuwuh raos pegel, malahan saged kemawon kita satru kalian tiyang ingkang jalari kita nampi paukuman kalawau. Punapa malih tiyang punika sampun asring kita emutaken, ananging bola-bali nindakaken kalepatan ingkang sami.
Sampun dados pakulinan lampah gesangipun bangsa Israel ingkang asring glewar saking pranatanipun Gusti Allah. Makaping-kaping nabi Musa sampun ngemutaken supados bangsa Israel tansah gesang mbangun turut angger-anggeripun Gusti. Ananging bangsa Israel tetep kemawon tumindak morsal, satemah awit kalepatanipun bangsa Israel punika jalari nabi Musa boten saged lumebet dhateng tanah Kanaan. Kados pundi gelanipun nabi Musa ingkang sampun mimpin bangsa Israel samanten dangunipun, ngancani lumampah tebih, ngancani ing sisah, dumugi ing titi wancinipun ngundhuh uwohe, nabi Musa mboten saged ndherek ngraosaken. Ananging saestu sih katresananipun nabi Musa dhateng bangsa Israel ageng sanget, senaosa sampun dipun damel gela, minangka pemimpin, nabi Musa tetep paring pitutur dhateng bangsa Israel supados tedhak turunipun sami nampeni kawilujengan.
Punapa ing gesang padintenan kita nate ngalami prekawis ingkang mekaten? Minangka tiyang sepuh kedah nanggung akibat saking polah tingkah anak kita. Minangka sederek, kita kedah ngraosaken sisah awit tingkah polah sederek kita. Minangka pimpinan, kita kedah nampi paukuman awit kalepatan anak buah kita. Kita mboten mangertos masalahe, mboten ndherek nindakaken kalepatan, ananging kedah nyanggi paukuman minangka wujud tanggeljawab kita. Lajeng kados pundi raos manah kita? Mbok menawi kita ngraosaken sakit ing manah. Samangke sumangga kita sinau saking nabi Musa, senaosa dipun larani manahipun kalian tiyang-tiyang Israel, piyambakipun mboten lajeng mbales nglarani, ananging tetep nresnani. Saestu sae sanget menawi lampah gesang kita kados mekaten. (GIK).
“Lara ati, aja digawe alasan nglarani, ananging tetepa nresnani.”