Waosan: 1 Petrus 2 : 19 – 25 | Pamuji: KPJ. 266 : 1, 2
Nats: “Jalaran iya tumrap kang mangkono iku anggonmu katimbalan, marga Gusti Yesus Kristus iya wis nandhang sangsara kanggo kowe sarta wis nilari tuladha marang kowe, supaya kowe uga tumindak kaya Panjenengane.” (Ayat 21).
Dinten punika dinten pungkasan ing wulan Agustus, wulan pembangunan GKJW. Sampun setunggal sasi anggenipun kita nindakaken kegiatan ing wulan pembangunan GKJW. Lajeng punapa ingkang sampun kita tindakaken ing wulan pembangunan GKJW punika? Punapa kita sampun nresnani greja kita GKJW kanthi saestu? Punapa kita sumadya nalika Gusti Allah nimbali kita dados Pinitua lan Diaken? Kados pundi wangsulanipun? Tamtunipun minangka warga pasamuwan GKJW kita sedaya nggadahi tugas lan timbalan kangge ngladosi Gusti Yesus lumantar GKJW. Kasagedan lan kaprigelan kita kedahipun kita damel makarya ing pasamuwan minangka saos sokur kita tumrap sedaya berkah-berkahipun Gusti Allah.
Rasul Petrus ing seratipun ingkang sepisan dhateng pasamuwan-pasamuwan Asia Alit maringi pepenget ingkang ngiyataken pasamuwan ing Asia Alit punika. Nalika semanten pasamuwan ing Asia Alit sami ngadepi kasangsaran karana dipun jajah dening bangsa Rum. Karana punika Rasul Petrus ngengetaken supados pasamuwan ing Asia Alit tansah nuladha dhumateng Gusti Yesus. Bilih nandhang sangsara karana iman kapitadosan dhateng Gusti Yesus, punika sih rahmat. Bilih sampun tumindak becik ananging taksih dipun kuya-kuya, punika kedah dipun pandeng sih rahmat. Amargi Gusti Yesus Kristus sampun nandhang sangsara kangge para umatipun supados umatipun nuladha Panjenenganipun. Karana punika umat kagunganipun Gusti kedah kiyat, setya, lan dedonga, anggenipun ngadepi sangsara.
Dodos pundi kangge kita? Punapa kita nate ngraosaken sangsara dados panderekipun Gusti Yesus? Punapa nalika kita lelados Gusti nate dipun paido, boten dipun ajeni? Punapa nalika kita setya dhateng Gusti malah langkung kathah pacoben ingkang kita adepi? Mungkasi wulan pembangunan GKJW punika, mangga kita sami nggadahi tekad ingkang kiyat kangge ndherek Gusti, makarya, lan lelados ing GKJW. Sanadyan nyanggi sangsara nalika nindakaken peladosan, sami engeta dhumateng Gusti Yesus ingkang langkung rumiyin nandhang sangsara. Mangga kita nuladha Gusti Yesus ingkang kiyat ngadepi sedaya prekawis. Sampun ngantos kita mutung, nglokro, lan nebih saking pasamuwan, nanging mangga kita sansaya semangat lan sedya makarya dhateng Gusti lumantar GKJW. (AR).
“Gusti Allah tansah paring kakiyatan kangge kita ingkang makarya ing GKJW”