Gesang Kanthi Kawicaksananing Gusti Pancaran Air Hidup 1 Oktober 2026

1 October 2026

Waosan: Kolose 2 : 16 – 23  |  Pamuji: KPJ 345
Nats: “Yen kowe wus ndherek mati ana ing sedane Gusti Kristus lan luwar saka para rohing jagat, yagene kowe kok isih nurut marang pranatan rupa-rupa, kaya ing semu kayadene kowe isih padha urip ana ing donya.” (Ayat 20)

Kabupaten Pacitan nggadhah budaya Ruwat Jagad ingkang kawontenaken setunggal taun sepisan. Tujuanipun kangge ngengetaken bilih gesang lan karahayoning manungsa punika gumantung kaliyan karahayoning jagad. Sae lan awonipun lingkungan punika badhe mbeta pengaruh ing gesangipun manungsa. Menawi lingkungan dipun rimati kanthi sae, tamtu nuwuhaken karahayoning gesang. Kacarita wonten satunggaling bapak ingkang mboten purun tumut pahargyan punika. Miturut pamanggihipun acara ruwat jagad punika sirik, awit ritualipun mboten manembah dhumateng Gusti Allah, nanging dhateng ilah-ilah sanes ingkang mboten paring karahayon. Si bapak punika lajeng dipun engetaken dening satunggaling majelising pasamuwan bilih pamanggihipun punika bener ning ora pener. Si bapak matur, “Lho, Gusti lak wis dawuh: “Menawa kowé wis ndhèrèk mati bareng karo Kristus lan luwar saka para rohing jagat, yagéné kowé kok isih nurut marang pranatan rupa-rupa, kaya-kaya kowé isih padha urip ana ing donya?” Sabda punika cetha, bilih kita tiyang pitados mboten sami kaliyan donya. Punapa kita kedah mangro? Nyembah dhumateng Gusti Allah ugi nurut dhateng pranatan rupa-rupa?

Sadangunipun kita gesang ing alam donya, purun mboten purun gesang kita mesthi sesambetan kaliyan gesangipun masyarakat lan kabudayanipun. Pramila kita kedah ngatos-atos (cerdik) kadosdene sawer lan tulus kadosdene peksi dara. Kita ugi kedah enget dhateng Sabda pangandikanipun Gusti ing Yeremia 29:7, ”Padha ngudia marang karaharjaning kutha, ing ngendi parane anggoningSun mbucal sira, sarta ndongakna kutha-kutha iku marang Sang Yehuwah, amarga tata-tentreming kutha iku uga dadi karaharjanira dhewe.” Ing ngriki, kapitadosan kita dhumateng Gusti, mboten mbedhol kita saking oyoting budaya. Artosipun budaya punika saged dados sarana kangge kita ngluhuraken Gusti, sauger kita mboten nalisir saking anger-anggeripun Gusti. Kita saged ndherek budaya ruwat jagad, tanpa nilaraken iman Kristen. Ingkang baken kita ngutamikaken Sang Kristus, mboten ngutamikaken bab kadonyan, kadosdene sabdanipun ing ayat 17, ”Sabab iku kabeh mung dadi wewayangane apa kang bakal kalakon, mangka wujude yaiku Gusti Kristus.” Sumangga kita gesang ing alam donya punika kanthi kawicaksananipun Gusti. Amin. [SW].

“Ngudia marang karaharjaning kutha, ing ngendi parane anggoningSun mucal sira.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak