Waosan : Pangentasan 23 : 1 – 9 | Pamuji : KPJ. 136 : 3, 4
Nats: “Sira aja nampani besel, marga besel iku marakake wutane wong melek, lan ngisruhake prakarane wong-wong bener.” (Ay. 8).
Sinten ta ingkang boten tepang kaliyan (Purn.) Hoegeng Imam Santoso? Ing dunia kepolisian, Hoegeng kawentar minangka polisi ingkang resik, jujur, adil, teges lan prasaja. Kepala Kepolisian Republik Indonesia (Kapolri) ingkang kaping gangsal punika, salah satunggaling polisi ingkang boten remen lan sengit kaliyan tumindak besel. Kacariosaken dening putranipun, bilih ing salah satunggaling dinten, Hoegeng nate dipun paringi pit motor Lambreta saking pengusaha sukses. Nanging krana rumaos bilih pit motor punika sanes hakipun, Hoegeng ngutus abdinipun supados mangsulaken malih pit motor kalawau ing dinten ingkang sami. Awit saking sikap ingkang kados mekaten, Hoegeng boten dipun remeni kaliyan para kancanipun ngantos dipun copot saking Kepolisian Republik Indonesia.
Pangentasan 23:1-9 mratelakaken bab pranatan hak wewenanging manungsa. Lumantar Nabi Musa, Gusti Allah paring pangandika supados para umat Israel boten nglampahi tumindak-tumindak ingkang awon, mliginipun kados bab nampi perangan ingkang sanes dados hakipun/ besel. Awit nalika manungsa sampun nampi besel saking tiyang sanes, gesangipun boten saged mardika lan gesangipun namung katuntun dening tiyang sanes. Langkung saking punika, tiyang ingkang kersa nampi besel saged kasebut tiyang ingkang wuta (ayat 8), wuta manahipun mekaten ugi wuta lampahipun.
Saking gesangipun Hoegeng lan Pangentasan 23:8 , kita kaengetaken bilih:
- Dados tiyang ingkang resik, jujur lan tulus punika kathah mengsahipun. Punapa malih ing bab besel, awit ing gesang sakpunika, praktek besel sampun katindakaken ing pundi-pundi papan saha panggenan. Boten namung ing bab – bab kadonyan, ananging ugi ing bab – bab karohanen.
- Tiyang ingkang kersa nampi besel punika kasebut tiyang ingkang “wuta”, nggih punika wuta saking sedaya angger-anggering Gusti. Karana “wuta”, tiyang punika awrat anggenipun lumampah ing margining kayekten lan kautaman. Tegesipun, gesangipun tebih saking margining Gusti.
Pramila saking punika, swawi kita nebihi tumindak besel, supados gesang kita saged condong lan pantes wonten ngarsanipun Gusti. Swawi dados tiyang ingkang mardika, sanes tiyang ingkang kakunjara. (YN)
“Say No To Bribe!” (Hoegeng Imam Santoso)