Waosan: Jabur 32 : 1 – 7 | Pamuji: KPJ. 84
Nats: “Dosa kawula, kawula lairaken dhumateng Paduka, kalepatan kawula boten kawula aling-alingi; tembung kawula: “Dakngakoni panerakku ana ing ngarsane Sang Yehuwah,” Paduka nunten ngapunten kalepatan kawula margi saking dosa kawula.” (Ayat 5)
Sadaya manungsa ingkang gesang tamtu nate nglampahi dosa. Mboten wonten manungsa ingkang gesang tanpa dosa kajawi Gusti Yesus nalika ing alam donya. Nanging minangka tiyang pitados, kita yakin bilih Gusti Allah karsa paring pangapunten dhateng manungsa karana katresnan-Ipun ingkang ageng. Menawi dipun raosaken malih, dados tiyang Kristen punika sekeca karana kadosipun gampil sanget kaapunten sadaya dosa tuwin kalepatanipun kaliyan Gusti Allah. Sejatosipun mboten karana gampil punapa mboten anggenipun Gusti Allah paring pangapunten nanging karana Gusti Allah ngersakaken sadaya manungsa saged nampi gesang langgeng lan mboten nemahi pati karana dosanipun.
Prabu Dawud ugi ngraosaken kados pundi agunging katresnanipun Gusti Allah, pramila ing waosan kita punika, Dawud rumaos bingah karana Gusti Allah karsa mbirat dosanipun manungsa. Nanging Dawud ugi negesaken bilih manungsa kedah sadar lan purun blaka dhumateng Gusti Allah tumrap sadaya dosa tuwin kalepatanipun. Sadar menawi sampun nglampahi dosa dados syarat ingkang wigati supados manungsa mboten nindakaken malih kalepatanipun sak sampunipun kaapunten dening Gusti Allah. Punika ugi ingkang dipun lampahi dening Dawud kados ingkang kaserat ing ayat 5, piyambakipun sadar lan blaka. Dawud mboten ngaling-alingi dosanipun ing ngarsanipun Gusti Allah. Piyambakipun mangertos bilih piyambakipun mboten sadar lan blaka bab dosa tuwin kalepatanipun, gesangipun badhe karaosaken awrat sanget (Ay. 3-4). Sadar lan blaka dhumateng Gusti Allah bab kalepatanipun ndadosaken Dawud uwal saking momotaning gesang lan Gusti Allah nebihaken Dawud saking sadaya karibedan (Ay. 7).
Dawud saged dados tuladha kangge kita sadaya, karana asring ingkang ndadosaken gesang kita sansaya awrat punika karana kita dereng sadar menawi kita sampun tumindak dosa. Dosa punika kados penyakit, menawi mboten dipun sadari saged ngancam gesang kita. Pramila sumangga kita sami sadar lan blaka dhumateng Gusti menawi kita sampun tumindak dosa supados kita saged nglampahi gesang kanthi bingah. Amin. [Kuh.C]
“Ngaku dosa langkung prayogi tinimbang nutupi dosa.”