Waosan: Ayub 22 : 21 – 23 : 17 | Pamuji: KPJ. 346A
Nats: “Menawa kowe ndedonga marang Panjenengane, mesthi disembadani, sarta kowe bakal ngluwari ujarmu.” (Ayat 27)
Kala rumiyin nalika media sosial dereng majeng kados jaman samangke, sesambetan antawisipun tiyang sepuh klayan anak, mekaten ugi anak klayan tiyang sepuhipun, asring ngginakaken jasa Pos, awit taksih ngginakaken serat anggenipun kentun pawartos. Isinipun serat punika atur pawartos kawontenan ingkang tansah saras, inggih mboten kesupen sami ndongakaken supados Gusti Allah tansah ngluberaken berkah saha kawilujengan.
Waosan kita dinten punika nyariosaken Ayub. Ayub punika dados tuladha kangge kita anggen kita gesang sesambetan kaliyan Gusti Allah ing salebeting pandonga. Sampun ngantos kita punika nglokro lan mandeg anggen kita ndedonga, sanadyan kahanan ingkang dipun adhepi saestu awrat. Kados Ayub ingkang pitados, Gusti Allah mboten badhe mendel, mboten badhe tega mirsani umatiPun nandhang rubeda, mekatena salebeting gesang kita. Kita pitados bilih namung Gusti Allah ingkang kuwaos ngluwari. Kanthi ndedonga mratelakaken bilih manungsa punika mbetahaken pitulungan awit sejatosipun manungsa mboten saged punapa-punapa. Pramila donga dados sarana ingkang utami supados sesambetan kita kaliyan Gusti Allah tansaya celak. Gusti Allah tansah nuntun lan nunggil lampah gesang kita.
Ing jaman samangke, kemajengan alat komunikasi sansaya majeng. Sesambetan utawi komunikasi kaliyan sinten kemawon sarwo gampil. Mboten prelu nyerat serat, mboten prelu tumbas prangko. Cekap ngginakaken HP saged sesambetan, malah saged mirengaken swanten lan rupa tiyang ingkang kita ajak wicantenan. Mila sesambetan punika saestu penting lan endah menawi saged kita tindakaken ing saben wekdal. Karana ingkang dados etuking gesang punika Gusti Allah, mila kita kedah wonten sesambetan kaliyan Gusti Allah. Srana ndedonga kita saged ngraosaken bilih gesang kita punika kraos celak kaliyan Gusti Allah. Mangga kita nyelak dumateng Gusti, sampun ngantos kita nebih saking Gusti. Awit menawi kita tebih saking Gusti, tuntunan lan berkah saking Gusti ugi kraos tebih, malah-malah kita mboten nampi panuntunan lan pangayoman-Ipun. Sumangga kita tanjakaken pandonga kita dhumateng Gusti Allah. Amin. [WMW].
“Donga iku wujud uripe wong pracaya.”