Waosan: Kaimaman 19 : 32 – 37 | Pamuji: KPJ. 357 : 1, 2
Nats: ”Menawa ana wong manca kang manggon tatunggalan karo sira ana ing negaranira, iku aja padha sira tindhes.” (Ayat 33)
Wonten ing kesaksianipun Kitab Suci, Pangentasan 12:40, kasebataken bangsa Israel wonten ing tanah pangawulan Mesir dangunipun 430 taun. Wekdal ingkang lami sanget. Salajengipun bangsa Israel kaentasaken dening Gusti Allah lumampah ngantos lumebet dhateng tanah prasetyan, dangunipun wetawis 40 taun (Pangentasan 16:35). Sampun samesthinipun sadangunipun wonten ing tanah pangawulan lan lelampahanipun tumuju Kanaan, wonten panggulawenthah saking pengalaman gesang ingkang dipun raosaken bangsa Israel, sae punika tata sosial, agami, lan piwulang sanesipun. Bangsa Israel saged ngraosaken awrating gesang wonten panguwaosipun Firaun lan wadyabalanipun, ngalami dados tiyang manca, dados baturipun pangwasa, lan gesangipun katindhes dening pangwasa. Pait lan getir gesang ing pangawulan punika ingkang jalari bangsa Israel mboten angsal sawenang-wenang dhateng liyan, mboten angsal kumawosa. Bangsa Israel kedah maringi pangurmatan dhateng sesaminipun, sanadyan status sosialipun namung warga awam, mboten nggadhah kalenggahan punapa-punapa. Gusti Allah ngendika: “Menawa ana wong manca kang manggon tetunggalan karo sira ana ing negaranira, iku aja padha sira tindhes.” Piwulang punika ngatag-atag dhateng bangsa Israel supados mboten tumindak pilih kasih lan mbenten-bentenaken sesami, sadaya umat ing ngarsanipun Gusti punika kagungan hak ingkang sami, ingkang mbentenaken punika garis gesangipun.
Ing pigesangan kita padintenan, asring kita pinanggih tumindak ingkang pilih kasih, mbenten-mbentenaken sesami, panindhes dhateng tiyang ingkang dipun anggep minoritas. Kawontenan punika pancen mrihatosaken, nanging minangka umatipun Gusti, kita saged sinau saking bangsa Israel ingkang nampi panggulawenthah saking Gusti nalika ing tanah pangawulan lan nalika lumampah tumuju tanah Kanaan. Kita kedah setya bekti dhateng dhawuhipun Gusti, asung pakurmatan dhateng sesami kanthi asung katresnan lan mboten nindhes sesami kita. Iba endahipun menawi ing gesang kita padintenan, kita tansah setya bekti dhumateng Gusti, lan mboten ndamel kuciwanipun liyan. Amin. [YK].
”Mitra iku ing samangsa-mangsa ajeg bae katresnane, lan dadi sadulur ing sajroning kasusahan.” (WB. 17:17 )