Waosan: Ibrani 9 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 111
Nats: “Sarta Panjenengane wus lumebet ing pasucen sapisan kanggo salawas-lawase, ora ngasta getihing wedhus lanang sarta getihing pedhet, nanging ngasta rahe piyambak. Lan marga saka iku Panjenengane wus ngangsalake panebus kang langgeng.” (Ayat 12)
Menawi kita gatosaken salebeting pangabekti dinten Minggu ing greja, ingkang dipun wastani imam, inggih punika pelados pangabekti ingkang mimpin lampahing pangabekti saking wiwitan ngantos purna. Imam punika saged Pendita, GI, Pinisepuh, Diaken ingkang wonten mimbar ageng, ngladosi umat srana tata panembah ingkang sampun katata. Tugas imam punika medharaken sabdanipun Gusti (khotbah) lan mimpin donga syafaat ing satengah-tengahing pangabekti Minggu. Awit saking punika, Majelis Pasamuan ingkang kapatah dados imam kedah nyawisaken peladosanipun sakderengipun ngladosi. Piyambakipun kedah nyuwun kawicaksanan lan pangertosan dhumateng Gusti Allah, supados punapa ingkang badhe dipun khotbahaken saestu namung miturut karsanipun Gusti ingkang katampi lan karaosaken dening umat, sanes pikajeng, lan kekarepanipun piyambak.
Waosan kita dinten punika nyebataken tugasipun para Imam Yahudi ingkang dados pantara antawisipun umat kaliyan Gusti Allah. Para imam punika ingkang makili umat ngaturaken kurban kagem Gusti, sae punika kurban obaran, kurban pangapuraning dosa, kurban kaslametan, lsp. Sacara khusus namung Imam Agung ingkang makili umat marek sowan ing ngarsanipun Gusti Allah, mlebet ing papan maha suci ngaturaken kurban kagem Gusti setunggal taun sepindah. Selajengipun juru tulis Ibrani nyebataken Gusti Yesus punika Imam Agung ingkang sejati. Panjenenganipun ingkang masrahaken Sariran-Ipun srana ngurbanaken badan-Ipun lan sinalib kangge nebus sakathahing dosanipun manungsa. (Ay. 12). Lumantar pangurbananipun Gusti Yesus punika para umat pitados sami nampi kawilujengan.
Reraosan kita dinten punika paring piwucal kangge kita, ing salebeting gesang kita ngabekti dhumateng Gusti Allah, kita kagungan Imam Agung inggih punika Gusti Yesus. Awit saking punika hubungan kita karaosaken celak kaliyan Gusti Allah. Sadaya pandonga saged langsung kita atur dhumateng Gusti Allah linambaran asmanipun Gusti Yesus. Pramila mangga kita tansah ngabekti lan memuji Gusti kanthi suka bingah lan saos sukur. Menawi kita tumindak dosa, mangga kita enggal-enggal dedonga, ngakeni dosa kita lan nyuwun sih pangapunten dhumateng Gusti. Mekaten ugi kita pitados lumantar Gusti Yesus, sadaya dosa kita kaapunten awit namung Panjenenganipun Imam Agung ingkang sejati. Amin. [AR].
“Saestu bingah dene kita kagungan Iman Agung ingkang sampun nunggilaken kita kaliyan Gusti.”