Waosan: Jabur 99 : 1 – 9 | Pamuji: KPJ. 123
Nats: “Pangeran Yehuwah iku mahaagung ana ing Sion, luhure ngungkuli sakehing bangsa.” (Ayat 2)
Tunnel vision punika istilah ing bidang kedokteran mata ingkang nelakaken bab kelainan ing mripat. Nalika wonten tiyang ingkang ngalami tunnel vision, paningalipun dados ciut sanget kados dene nalika kita mirsani punapa-punapa saking terowongan. Kelainan punika ndadosaken paningalipun tiyang tansaya winates. Nalika ngadepi salah satunggaling prekawis, katah tiyang ingkang kados-kados ngalami tunnel vision. Sakiwatengenipun kraos peteng ndhedet, padang ingkang katingal namung surem. Wusananipun katah tiyang gampang sambat, ngraos ajrih, lan asring nanggapi kanthi negatif tumrap kasunyatan ingkang kelampahan. Asring ingkang dipun tingali nggih punika sapinten agenging masalah, mila lajeng nuwuhaken raos ajrih lan kuwatos. Tiyang pitados asring kesupen menawi nggadhah Gusti Allah ingkang maha kuwaos, ingkang saged paring pitulungan.
Wonten ing waosan kita ing wegdal punika kacariosaken bilih Gusti Allah punika Raja Ingkang Maha Agung. Minangka Raja ingkang Maha Agung, Panjenenganipun adhedhampar wonten ing kerub lan pangwaosipun Gusti Allah punika ndadosaken bangsa-bangsa sami gumeter lan bumi gonjang-ganjing. Sadaya punika mratelakaken bilih pangwaosipun Gusti Allah nglangkungi panguwaosipun para bangsa. Gusti Allah kagungan daya ingkang mboten dipun gadahi dening panguwaosipun para bangsa. Pramila saking punika, ing ngarsanipun Gusti mboten wonten ingkang mokal. Sadaya prekawis lan sadaya kahanan saged katata lan karampungaken kanthi sae, mekaten ugi ing salebeting prekawis ingkang dipun adhepi dening manungsa.
Nalika kita ngadepi salah satunggaling prekawis, kita asring rumaos bilih sadayanipun katingal ewed sanget lan kodos-kados mboten saged dipun lampahi. Ing kawontenan mekaten kita kedah enget bilih kita nggadah Gusti ingkang Maha Kuwaos, ingkang pangwaosipun ngungkuli pangwaosipun para bangsa ing donya. Ing ngarsanipun Gusti mboten wonten ingkang mokal, sinaosa kathah tantangan ingkang kita adhepi. Gusti Allah mboten badhe negakaken kita, awit Gusti piyambak ngandika: He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.” (Mat. 11:28). Pramila saking punika, nalika kita ngalami prekawis ingkang awrat sumangga kita sowan wonten ing ngarsanipun Gusti wonten ing pandonga. Awit pandonga punika cara kita kangge ngowahi punapa ingkang mokal dados kelampahan. Amin. [YHS].
“Pandonga minangka cara kangge ngowahi punapa ingkang mokal dados kelampahan.”