Waosan : Yoel 2 : 18 – 29 | Pamuji : KPK. 163
Nats: “Sira bakal padha mangan akeh, nganti wareg, sarta sira bakal memuji asmane Sang Yehuwah, Allahira, kang wus nandukake kaelokan marang sira, …” (Ay. 26)
Punapa kita nate sakit? Kula kinten sedaya manungsa nate sakit, wiwit ingkang enteng kados flu, watuk, pilek ngantos sakit ingkang awrat kados jantung lan kanker. Punapa ingkang kita raosaken nalika nandang sakit? Kita ngraosaken sisah, boten kepenak, boten saged makarya, boten saged tumindak punapa-punapa. Karana punika, nalika sakit, kita badhe ngupaya priksa dateng dokter lan pados obat supados enggal sehat lan pulih malih. Ing kahanan sakit punika, wonten tiyang ingkang saged nampi sakitipun, ananging wonten ugi tiyang ingkang boten saged nampi sakitipun punika. Pramila tiyang ingkang saged masrahaken gesang sawetahipun ing Astanipun Gusti Allah saged kiyat ngadepi sakitipun sarta nggadah pengajeng-ajeng pinaringan sehat lan pulih saking sakitipun.
Nabi Yoel dipun utus Gusti Allah dateng bangsa Yehuda martosaken bab pawartos rahayu. Gusti Allah kersa mulihaken kahanan bangsa Yehuda saksampunipun bangsa Yehuda sami ngakeni kalepatanipun lan mratobat dateng Gusti. Prajanjinipun Gusti Allah badhe mulihaken bangsa Yehuda sacara kajasmanen lan sacara karohanen. Sacara kajasmanen, bangsa Yehuda nampi berkah arupi asil panen tetaneman, tetedhan ingkang kathah, katebihaken saking ancaman bangsa sanes. Mangsa sisah gumantos bingah. Sacara karohanen, hubungan umat kaliyan Gusti Allah dipun pulihaken malih. Bangsa Yehuda sami memuji lan nyembah malih dateng Gusti Allah.
Mbok menawi kita sapunika boten sakit sacara lair, nanging kados pundi batin lan tumindak gesang kita ing ngarsanipun Gusti Allah? Mratobat punika dados kunci supados hubungan kita kaliyan Gusti ingkang tebih saged pulih, saged celak malih. Sanesipun supados gesang kita katebihaken saking sakit batin, hubungan kita kaliyan sesami kedah kalandesan ing katresnan lan pangapunten. Sampun ngantos wonten raos iri, dendam lan kuciwa dateng sesami ingkang dadosaken kita “sakit batin”. Mangga kita sami ngupaya tumindak gesang ingkang dadosaken kita sehat jasmani lan rohani, tumindak ingkang saged ngraketaken gesang kita kaliyan Gusti lan sesami. Mugi-mugi kita sedaya enggal-engal pulih lejara. (AR)
“Pemanggih ingkang positif dateng dhiri lan sesami agesang dadosaken kita sehat sacara jasmani lan rohani”