Bilih Roh Suci Makarya Ing Manah Kula Renungan Harian 31 Mei 2020

31 May 2020

Waosan : Yokanan 20 : 19 – 23 | Pamuji : KPJ. 283
Nats: “Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu ana ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.” (Ay. 21)

Nalika wonten ing wanci dalu kita mlampah piyambakan langkung margi ingkang sepi, tamtu kita rumaos ajrih. Utawi nalika kita ngambah papan ingkang sampun kondhang wingit, tamtu kita ugi rumaos ajrih. Bilih kita kaparingan tanggel jawab enggal ingkang dereng nate kita ayahi, tamtu kita ugi gadahi raos ajrih wonten ing salebeting manah. Raos ajrih punika raket rumaket kaliyan pigesangan kita para manungsa.

Para sakabat ing waosan kita punika ugi ngraosaken ajrih lajeng sami ngempal wonten ing salah satunggiling griya lajeng sedaya korinipun dipunkunci kanthi rapet. Para sakabat punika ajrih bilih nampi tumindak ala saking Bangsa Yahudi kadosdene ingkang sampun dipuntampi dening Gusti Yesus. Nanging, raos ajrih punika sirna nalika Gusti Yesus rawuh lan ngutus para sakabat kangge ngayahi jejibahan peladosan utaminipun dados saksi ingkang sayekti. Gusti Yesus boten namung ngutus, nanging ugi paring kakiyatan enggal arupi Roh Suci.

Kadosdene Gusti Yesus ingkang sampun ngutus para sakabat dados saksinipun Gusti ingkang sayekti, kita sedaya ugi kautus dening Gusti kangge nglampahi tanggel jawab ingkang sami. Kasunyatanipun tanggel jawab dados saksi punika boten gampil. Boten sekedhik tiyang ingkang nyingkur menawi dipundhapuk dados saksi, kathah ingkang taksih ajrih. Ajrih nampi resiko, ajrih ngadepi sedayanipun karibedan, utawi ajrih boten saged nglampahi tanggel jawab menika kanthi becik.  Nanging, bilih Roh Suci saking Gusti Yesus punika saged mungkasi raos ajrih ing manahipun para sakabat, tamtu Roh Suci punika ugi saged nyirnakake sedaya raos ajrih ing manah kita. Roh Suci punika badhe paring kakiyatan lan kasagedan supados kita sedaya tansah dados saksinipun Gusti lumantar sedayanipun pakaryan becik ingkang kita tindakake. Roh Suci punika sampun kita tampi, pripun napa kita purun leladi dados saksi ing salebeting pigesangan ingkang kita lampahi kanthi setya lan tuhu? (xie).

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak