Waosan: Rum 8:31-39 I Pamuji: KPK. 62:1-4/KPJ. 117
Nats: “Sapa kang bakal megatake kita saka ing sihe Sang Kristus?” (ayat 35a).
Wonten mutiara kata ingkang ungelipun: ‘Kehidupan adalah serangkaian masalah. Namun kita bebas memilih untuk mengeluh atau memecahkan masalah-masalah itu’ (M.Scott Peck, 1936-2005, Penulis Amerika).
Nah, ing bab ngadhepi masalah, kita menika klebet tiyang ingkang remen ngeluh menapa klebet tiyang ingkang wantun ngadhepi lan ikhtiyar madosi solusi-nipun? Menapa kita asring namung was-was, ragu-ragu, maju-mundur, kados menari poco-poco?
Panjenengan menapa nate rumaos bilih panjenengan menika mboten cekap sae ing ngarsanipun Allah, ngantos panjenengan gadhah pamanggih bilih Allah mboten badhe milujengaken panjenengan? Pangandikanipun Allah menika paring piwulang, menawi Allah sampun maringaken putranipun kangge kita, Panjenenganipun mboten badhe mundhut wangsul kawilujengan ingkang sampun kaparingaken. Menawi Sang Kristus masrahaken sariranipun kangge kita, Panjenenganipun mboten badhe ndhelikaken menapa ingkang dados kabetahan kita, kangge saged misungsungaken badan kita kagem Panjenenganipun. Serat Rum menika ngantebaken iman pitados kita sarta maringi panglipuran kangge kita. Pramila, saben tiyang pitados mboten perlu ajrih lan putus asa ing salebeting nandhang maneka warni karibedan miwah kasisahan, sebab kita mboten nate uwal saking katresnanipun Allah. Kasangsaran lan kasisahan mugi-mugi mboten nebihaken kita saking Allah, ananging malah mbantu kita langkung saged tepang kaliyan Allah.
Saben tiyang pitados pancen asring (tansah) ngadhepi maneka warni karibedan miwah kasisahan: dianiaya, dikucilkan, disakiti, dipenjara, didiskriminasi, lsp. Bab-bab menika saged ndadosaken para tiyang pitados ajrih lan rumaos dipun tilar dening Sang Kristus. Rasul Paulus ngengetaken bilih sedaya kalawau mboten badhe saged misahaken kita saking Sang Kristus. Sedanipun ing kajeng salib dados bukti katresnanipun ingkang wetah kangge kita. Allah paring pangertosan dhateng kita sepinten agenging katresnanipun kangge kita, supados kita ngraosaken aman ing wewengkonipun. Menawi kita pitados jaminan ingkang luar biasa menika, kita mboten badhe ajrih. Katresnanipun Sang Kristus tansah nglindhungi kita saking sawarnining kekiyatan awon. Amin. (Esha).
“Kula kiyat, wit sinanggi swiwinya”.