Waosan: Kaimaman 21 : 1 – 15 | Pamuji: KPJ. 60
Nats: “… supaya aja nerak kasucene turune ana ing antarane bangsane, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nucekake dheweke.” (Ayat 15)
Imam punika tiyang ingkang dados lantaran antawisipun umat kaliyan Gusti Allah. Tugasipun mbabaraken sabdanipun Gusti dhateng para umat. Imam ugi nggadhah pengaruh ingkang ageng tumrap gesang sosial, politik lan agami ing masyarakat. Kathah keputusan pamrintahan ingkang nyuwun panimbang saking para imam (tokoh agama). Minangka pemimpin agami, imam kedah suci lan murni, sae punika ing pigesangan sosial, punapa malih ing gesang karohanenipun, awit gesangipun imam punika dados tuladha kangge sedaya umat.
1 Petrus 2:9 nyebataken: ”Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.” Miturut sabda pangandika punika, sejatosipun kita tiyang pitados punika katimbalan dados imam. Minangka imam kita kedah martosaken kautamanipun Gusti Allah dhateng sesami, paling mboten kita menggah dhiri kita piyambak, satemah kita tansah gesang ing pepadhangipun Gusti lan saged dados tuladha dhateng sesami.
Kadospundi caranipun supados kita saged dados imam menggahing dhiri lan sesami? 1. Sregep waos Kitab Suci lan ngabekti. 2. Mboten kumpul kaliyan tiyang ingkang tumindak awon. 3. Tansah memuji Gusti utawi mirengaken lagu rohani. 4. Tansah ndedonga ing ngarsanipun Gusti. Gusti Allah sampun ngendika, ”Ingsun iki Yehuwah kang nucekake dheweke.” (Ay. 15). Artosipun kita kedah purun nglampahi karsanipun Gusti kanthi tulusing manah lan nebihi punapa ingkang dados laranganipun. Kita kedah sabar, sareh, lan ikhlas masrahaken nyawa, manah, lan budi kita dhumateng Gusti supados kasucekaken. Satemah gesang kita dados kidung lan sekar ingkang arum ing ngarsanipun Gusti. Mangga kita tansah ngupaya gesang ingkang sembada kaliyan karsanipun Gusti. Gesang ingkang nuwuhaken kasaenan lan kabingahan dhateng sesami. Mangga kita saged dados tuladha lumantar gesang kita ingkang tansah ngluhuraken asman-Ipun Gusti. Amin. [SW].
“Lan kowe dhewe dadia tuladha ing bab nindakake panggawe becik.” (Titus 2:7a)