Waosan: 2 Korinta 8 : 1 – 7 | Pamuji: KPJ. 316
Nats: “Sabab aku nyumurupi yen wong iku wus padha weweh manut kakuwatane, malah ngluwihi kakuwatane.” (Ayat 3)
Satunggaling tradisi ingkang taksih wonten ing desa-desa Kristen nalika mapak riyadin Natal inggih punika weweh utawi ater-ater dhateng para sadherek utawi rencang damel. Ater-ater punika kagungan arti kalih, ingkang sepisan minangka wujud kabingahan ing riyadin Natal, ingkang kaping kalih dados tanda katresnan tumrap para sedherek. Sinaosa namung dhateng rencang damel ananging sinten kemawon ingkang nampi ater-ater kalawau sampun dipun anggep dados sedherekipun. Ingkang langkung endah, lumantar tradisi punika inggih kados pundi saben brayat taksih ngawontenaken ater-ater punika dhateng para sedherek supados raos paseduluran punika tansah lestantun.
Ing serat Korinta punika Rasul Paulus ngemutaken para tiyang pitados ing pasamuwan Korinta supados purun andum katresnan tumrap para sedherek ing Yerusalem. Nalika Paulus ngemutaken inggih lumantar tuladha gesangipun pasamuwan Makedonia. Sinaosa pasamuwan Makedonia punika gesang awrat karana kathah pacoban, mlarat, lan maneka warni kasangsaran, nanging warga pasamuan Makedonia punika taksih saged andum berkah dhateng para sedherekipun ingkang wonten Yerusalem. Kahanan ingkang benten dipun raoasaken kaliyan pasamuwan ing Korinta. Para tiyang pitados ing Korinta punika kagolong tiyang ingkang sugih ing samubarang, inggih punika ing bab pracaya, pamicara, kawruh, sih katresnan, lan sanesipun. Pramila kedahipun para warga pasamuan ing Korinta punika saged mujudaken katresnan ugi tumrap sadherek sanesipun, inggih punika dhumeteng warga pasamuwan Yerusalem lumantar paweweh sumbangan sukarela.
Kahanan gesang sosial masyarakat kita ing dinten punika sangsaya dangu sangsaya individualis lan egois. Seratipun Rasul Paulus punika ngemutaken dhateng kita sedaya, bilih kita kedah purun andum berkah dhateng sesami ingkang dados wujuding katresnan kita tumrap para sedherek kita punika. Sinaosa tiyang-tiyang ingkang kita aturi kalawau sanes sedherek raket saking tunggil brayat, nanging kita kedah enget bilih kita sedaya minangka tiyang pitados punika ugi sampun dados sedherek tunggil iman. Pramila sumangga kita purun andum berkah lan andum katresnan. Amin. [GW].
“Trena-tinresnan ing tunggal brayatipun Gusti”