Waosan: Jabur 71 : 1 – 6 | Pamuji: KPJ. 375
Nats: “Paduka mugi karsaa dados redi parang tumrap kawula, dados papan pangauban kawula, saha beteng ingkang milujengaken kawula, awit inggih Paduka punika ingkang dados redi parang tuwin beteng kawula.” (Ayat 3)
The Great Wall utawi Tembok Besar China punika salah satunggaling tembok ingkang kawangun supados saged mbentengi China saking serangan mungsuh. Rikala jaman rumiyin, tiyang China yakin bilih mboten wonten tiyang ingkang saged nembus tembok punika awit tembok punika ageng sanget. Kacarita, wadyabala mungsuh kaping tiga nyobi nyerang tembok China punika, nanging sadaya upaya mboten kasil. Nanging wusananipun mungsuh saged nyusup kanthi nyogok para pengawal lan numpes punapa ingkah kedah dipun lindungi ing salebeting tembok. Prastawa punika nedahaken salah satunggaling kalepatan pamrentah China inggih punika namung ngendelaken kakiyatanipun tembok kemawon. Sinaosa tembok punika ageng lan bakuh, nanging tembok punika mboten saged dados papan pangayoman ingkang bakuh.
Waosan ing wekdal punika nyariosaken kados pundi Sang Prabu Dawud ingkang sampun sepuh lan lungkrah ngadepi ancaman saking Absalom putranipun ingkang badhe nggulingaken pamrintahanipun kanthi cara ingkang awon. Ing kawontenan ingkang kados mekaten, Dawud lajeng ngayom lan nyuwun dhumateng Gusti Allah supados saged ngluwari lan mitulungi piyambakipun ing kawontenan punika. Piyambakipun pitados bilih Gusti Allah saged dados benteng ingkang bakuh, ingkang saged nglindungi piyambakipun saking tiyang duraka. Dawud sadar bilih wiwit taksih wonten ing kandhutan ngantos ing yuswa sepuh, piyambakipun dipun reksa dening Gusti. Pitulunganipun Gusti dhumateng Dawud, nuwuhaken kapitadosan lan pangajeng-ajeng bilih Gusti tansah ngreksa piyambakipun saking tiyang duraka. Kanthi kapitadosan ingkang kados mekaten punika, Dawud mboten ajrih lan kuwatos ing sadengah kahanan ingkang ngancam piyambakipun. Dawud tansah ngaturaken pamuji dhumateng Gusti.
Lampahing gesang tiyang pitados mboten gampang. Daud kemawon ngalami pakewed, reribed, lan panandhang wiwit enem dumugi yuswa sepuh. Ananging sadaya kalawau nuwuhaken kapitadosan lan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti. Pramila saking punika, nalika kita ngalami pakewed, reribed, panandhang, lan bingung pados pitulungan, sumangga kita ngayom lan nyuwun pitulungan dhumateng Gusti. Awit ing donya punika mboten wonten papan pangayoman ingkang bakuh, kajawi namung Gusti Allah. Amin. [YHS].
“Urip iku akeh pacoban, Gusti kudu dadi andhalan.”