Garansi Pancaran Air Hidup 31 Januari 2025

31 January 2025

Waosan: 2 Babad 35 : 20 – 27  |  Pamuji: KPJ. 340
Nats: “Nanging Sang Prabu Yosia ora karsa sumingkir saka ing ngarsane Sang Prabu Nekho, malah nyamur lampah arep nglawan perang marang panjenengane, dadine ora karsa migatosaken marang pangandikane Sang Prabu Nekho, kang dadi pepengeting Allah; Sang Prabu Yosia banjur lumawan perang ana ing lebak Megido.” (Ayat 22)

Nalika kita tumbas piranti elektronik ingkang enggal, tamtu kita angsal garansi minangka jaminan ingkang dipun paringaken pabrik dhateng kita minangka konsumen. Garansi punika dados jaminan tumrap piranti kita punika menawi wonten karisakan utawi cacat produksi sajroning jangka wektu tartamtu. Garansi punika arupi service, nggantos bagian ingkang risak utawi nggantos piranti enggal menawi dipun prelukaken. Nanging, garansi punika kala-kala wonten syarat lan katentuan ingkang mboten pareng dipun terak, kados ta piranti punika mboten dipun risak lan kedah dipun ginakaken miturut aturan utawi panduan saking pabrik.

Kados ta garansi piranti elektronik enggal saking pabrik, Gusti Allah ugi paring garansi dhateng Prabu Yosia lumantar prajanji-Nipun. Waosan kita dinten punika nyariosaken Prabu Yosia ingkang dipun sedani dening Prabu Nekho, ratuning Mesir. Prabu Yosia punika kasuwur setya dhumateng Gusti Allah. Piyambakipun ingkang ngresiki tlatah krajan Yehuda saking tugu-tugu brahala. Ananging ing waosan kita, Prabu Yosia mboten manut dhateng pangandikanipun Gusti. Prabu Yosia sejatosipun sampun dipun engetaken Gusti lumantar Prabu Nekho supados mboten nglawan Prabu Nekho, nanging Prabu Yosia tetap maju perang. Pungkasanipun Prabu Yosia seda karana kenging panah. Gusti Allah janji badhe ngreksa Prabu Yosia menawi piyambakipun mirengaken lan gatosaken karsa-Nipun, nanging ing ngriki piyambakipun mboten gatosaken karsa-Nipun Gusti.

Cariyos pungkasan gesangipun prabu Yosia punika paring pepeling kangge kita, nalika kita nampi janjinipun Gusti, kita kedah enget bilih samukawis janji-janjinipun Gusti punika badhe kalaksanan menawi kita mlampah ing margining Gusti. Kathah tiyang ndherek Gusti Yesus, dados tiyang Kristen, nyepeng janji-janji ingkang mulya saking Gusti, saged matur nresnani Gusti ananging tumindak gesangipun mboten buktekaken pangakenipun punika. Kados dene nresnani sesami punika wujudipun kedah katindakaken ing sikep ngrimat sesami lan sesami titahing Gusti kalebet sato kewan lan tetanduran. Pramila menawi kita nerak prajanjian, garansi pangreksaning Gusti Allah dhateng kita tamtu dawah. Nanging menawi kita manut Gusti Allah, kita gadhah prajanji pangreksaning Allah ingkang nuju kamulyan. Amin. [YOPI].

“Sampun ngantos kita nglanggar janji.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak