Sabar Pancaran Air Hidup 1 Desember 2025

1 December 2025

Waosan: Puwaning Dumadi 8 : 1 – 19  |  Pamuji: KPJ. 103
Nats: “Karodene umbuling samodra-raya lang cendhelaning langit padha ditutup, sarta udan deres saka ing langit banjur terang, temahan banyune saka sathithik larud saka ing bumi, dadine saya angok sawuse antara satus seket dina mau.” (Ayat 2-3)

Sabar punika tembung ingkang limrah wonten ing gesang kita, nanging dados tiyang sabar punika mboten gampang. Sabar punika asring gegayutan kaliyan kahanan ingkang ndadosaken manungsa nampi punapa ingkang mboten dipun ajeng-ajeng. Kados dene antri, sadaya tiyang menawi saged pengen mboten perlu antri nanging karana gegayutan kaliyan kapentingan tiyang sanes pramila kedah antri. Mekaten ugi nalika ngrantos babagan ingkang dipun ajeng-ajeng, kadangkala kedah sabar karana mboten saged langsung kawujudaken.

Mekaten ugi ingkang dipun alami dening Nuh nalika ngrantos asating banjir. Mboten wonten kapesten kapan banjir punika badhe asat. Nuh namung saged ngrantos wonten ing salebeting prau. Nanging Nuh tetep ngrantos kanthi sabar lan pitados bilih Gusti Allah mesti nggadahi rancangan ingkang endah kangge piyambakipun ugi sadaya sato-kewan ing prau punika. Saksampunipun antawis satus seket dinten toya banjir punika asat, punika nedhahaken bilih Gusti Allah ngarsakaken Nuh lan sadaya tiyang ugi para sato-kewan saged medal saking prau. Nanging Nuh lan sadaya ingkang wonten ing prau punika nembe saged medal menawi dipun etang antawis 371 dinten saksampunipun banjir ageng. Antawis 1 taun Nuh ngrantos kanthi sabar ing salebeting prau. Menawi Nuh mboten sabar ngrantos lan mboten pitados dhateng rancanganipun Gusti mesti Nuh mboten saged ngraosaken kabingahan nglampahi gesang saksampunipun banjir ageng punika.

Saking Nuh, kita saged sinau bilih kita kedah sabar anggenipun ngrantos rancanganipun Gusti ingkang endah salebeting gesang kita. Ing wulan punika kita ugi sampun lumebet ing wulan Adven minangka pepenget kangge kita nalika ngrantos rawuhipun Gusti Yesus Kristus kaping kalih. Wonten ing masa Adven punika kita dipun ajak kangge ngoreksi dhiri kita pribadi. Anggenipun ngoreksi dhiri punika, kita dipun ajak sinau saking Nuh, supados kita saged sabar lan tetep pitados sawetahipun dhumateng rancanganipun Gusti Allah ingkang endah kalampahan ing gesang kita. Mugi Gusti Allah ingkang Maha Asih tansah mberkahi kita sadaya. Amin. [Kuh.C].

“Sabar lan pitados dhumateng Gusti ndadosaken manah tentrem.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak