Ewahana! Pancaran Air Hidup 1 Desember 2021

1 December 2021

Waosan: Yesaya 1 : 24 – 31 | Pamuji: KPJ. 188
Nats:Sira bakal Sunluwari kalawan pangadilan lan para wonge kang mratobat bakal Sunluwari kalawan patrap kang bener.” (Ayat 27)

Manungsa punika makhluk ingkang katitahaken dening Gusti Allah miturut gambaripun, ingkang dipun jangkepi kaliyan pangertosan, pangrasa, lan pepinginan. Kamangka manungsa dados pribadi ingkang dinamis wonten ing pangertosan lan tumindakipun. Pangertosan lan tumindak punika asring dipun pengaruhi dening swasana sakkiwa tengenipun, kawontenanan donya punika. Utawi ingkang saestu sae pengaruhipun, inggih punika sabdanipun Gusti Allah. Ananging kasunyatanipun, gesangipun manungsa langkung kathah dipun pengaruhi kawontenan donya punika. Lare ingkang kadidik dening tiyang sepuhipun bab tata krama, ing pawiyatan sampun nampi bab-bab ing sae lan migunani, kadangkala mboten kiyat nampi mawarni-warni godhaning donya. Tiyang ingkang badhe mangun gesang bebrayatan ugi sampun nampi katekisasi pra-nikah. Ing salebeting katekisasi punika ugi sampun kathah piwucal ingkang katampi. Punapa malih sampun prajanji ing ngarsanipun Gusti anggenipun tansah setya lan tansah nresnani. Ananging sedaya piwucal becik lan prajanji setya punika luntur rikala manggihi bab kadonyan ingkang langkung ngremenaken.

Nabi Yesaya ngengetaken umat Israel ingkang sampun tumindak duraka. Ing wekdal kepengker, umat Allah tansah nindakaken kabecikan, kasetyan, kaadilan, lan lumampah ing margi ingkang bener. Ananging ing wekdal sakmangke gesangipun umat Israel saestu tebih saking karsanipun Gusti Allah (ay. 21, 23). Karana punika, Gusti Allah nimbali Yesaya kangge medharaken bab paukumanipun Gusti Allah dhateng umat Israel ingkang sampun nyimpang saking Gusti Allah. Sarta martosaken sih rahmatipun Gusti kangge umat Israel ingkang purun mratobat lan tumindak setya malih dhumateng Gusti Allah.

Gusti Allah punika Rama kita ingkang kebak welas asih. Tamtunipun Gusti Allah ngersakaken supados kita para umatipun tansah setya tuhu dhumateng Panjenenganipun. Ing wekdal sakmangke bilih wonten tumindak gesang kita ingkang mboten condhong kaliyan karsanipun, mangga kita enggal purun ngakeni sedaya dosa kalepatan kita wonten ngarsanipun Gusti Allah lan mratobat. Mekaten ugi panalangsa lan pamratobat kita punika sageda lair saking manah ingkang nelangsani sedaya tumindak gesang kita ingkang ala. Awit Gusti Allah kersa paring pangapura dhateng kita. Amin. [garlic].

 Aja maneh-maneh nglirwakake Dhawuhipun Gusti!

Renungan Harian

Renungan Harian Anak