Waosan : Jabur (Mazmur) 96 | Pamuji : KPK 243
Nats: “Ara-ara dalah saisine kareben sukarena; ing kono sakehing wit-witan ing alas padha surak-surak ana ing ngarsaning sang Yehuwah, amarga Panjenengane rawuh, sebab rawuhe bakal ngadili jagad, jagad bakal diadili kalawan adil, lan para bangsa kalawan kasetyane.“ [ayat 12, 13]
Dinten menika manungsa sajagad sami bingah-bingah, awit dinten menika mengeti dinten malam Natal. Para warganing pasamuwan sami gumrudug tumuju dhateng dalem pamujan. Dalem pamujan ugi dipun rias benten saking kawontenan adatipun, malah langkung meriah krana methuk dinten Natal. Dinten wiyosipun Sang Mesih pancen dinten rawuhipun ingkang tansah dipun antos-antos.
Jabur 96 menika wujuding pepujian kabingahan karana kememangan iman. Sasampunipun nglampahi pengalaman lan gelutipun iman Israel ingkang panjang dumugi ing pengaken menika. Dipun yakini bilih namung Gusti menika Allah, karana Panjenenganipun ingkang nitahaken langit lan bumi. Inggih Panjenenganipun ingkang badhe rawuh ngadili para bangsa kanthi kayekten. Menika dados kabingahan kemenanangan ingkang ageng, temah bangsa Israel dados juru warta iman tumrap bangsa-bangsa. Israel manggihaken Allah ingkang jumeneng Gusti temah murugaken Israel dados bangsa misioner.
Ing wegdal menika tamtu benten kaliyan jamanipun Israel. Ananging tetep wonten cathetan saking kitab Jabur menika semangat misioner, lair amargi wonten keyakinan iman ingkang saestu lebet ngengingi iman kristen, inggih menika kawilujengan saha kebebasan ingkang sampun dipun ayati lan dipun pitadosi temah gesanging tiyang pitados dados paseksi iba agenging pakaryanipun Gusti.
Anjawi saking menika, Jabur menika memulang iman kita ngantos-antos rawuhipun Gusti kita Yesus Kristus kanthi bingah lan pangajeng-ajeng. Kita boten perlu ajrih bab rawuhipun ing jaman pungkasan. Gusti ngersakaken rawuh ing gesang kita sami kanthi katresnan. Pramila sumangga sami methuk dinten rawuhipun ing dinten Natal menika kanthi suka bingah. [Bpur]
“Rawuhipun Gusti mesthi dados pengajeng-ajeng.”