Waosan: Matius 8:23-27 | Pamuji: KPK 310
Nats: “Panjenengané banjur ngandika marang para sakabat, dhawuhé, “Yagéné kowé padha wedi, hé, wong kang cupet ing pangandel?” (ay.26)
Ing salah satunggaling dinten, nalika semanten wonten jawah ingkang deres sanget. Boten namung punika, jawah kalawau ugi dipun sarengi kaliyan bledheg ingkang sora sanget. Sinten kemawon ingkang mirengaken swanten bledheg punika -utaminipun priyantun estri kaliyan para lare- mesthi badhe rumaos ajrih, geter manahipun. Dumadakan, wonten bledheg ingkang nyamber salah satunggaling griya. Sanajan griya punika boten risak karana bledheg kalawau, ananging listrik ingkang wonten ing kampung sami pejah sedaya. Kathah lampu ingkang sami mbledhos jalaran saking daya listrik ingkang ageng saking bledheg punika. Kahanan punika sepisan malih ndadosaken sedaya tiyang sami rumaos ajrih.
Waosan kita ugi nedahaken bilih para sekabat ugi rumaos ajrih, rumaos sumelang nalika prau ingkang dipun titihi kénging prahara ing satengahing seganten. Sejatosipun kahanan punika prekawis ingkang limrah, karana sinten tiyang ingkang wantun ngadhepi prahara kados kalawau. Tebih saking dharatan. Saupami prau punika kèrem, sinten ingkang badhé mitulungi?
Lelampahaning gesang kita pribadi saha gesang masamuwan, ugi asring ngalami prahara. Prahara kalawau asring nggeteraken manah kita, saged ugi njalari tiyang rumaos semplah, mutung lan boten saged menggalih kanthi sehat. Malah ndadosaken pasulayan utawi prahara ingkang langkung ageng. Nanging waosan kita ngèngetaken, bilih kita punika èstunipun pitados dhateng Gusti Yesus, ananging ugi asring kirang pitados utawi cupet ing pangandel. Boten namung kita pribadi, pasamuwan ugi asring cupet ing pangandel, namung ngendelaken kekiyatan lan kapinteranipun piyambak, mila Gusti Yesus lajeng dipun anggep kados ban sèrep, ingkang dipun betahaken nalika kita/ pasamuwan sampun rumaos katog, mutung karana sampun boten manggih jalan keluar.
Sumangga kita sami pitados dhateng Gusti Yesus. Panjenenganipun ingkang saged mungkasi sakathahing prahara ing satengahing gesang kita lan gesang masamuwan. Kita namung kedah manteb ing pangandel. Amin. [DK]
“Aja sumelang bab uripmu!”