Piye, Panas Ta?

Waosan : Purwaning Dumadi 21 : 1 – 21 | Pamuji : KPK 174 : 1, 2
Nats: “Ngadega! Bocahe tangekna, tuntunen marga bakal Sundadekake bangsa gelengan gedhe.” [ayat 18]

Wekdal taksih wonten asrama, kula asring dolan dhateng ibu asrama ingkang kagungan putra alit. Wekdal kula dolan pas ibu asrama punika ndamel camilan tela goreng. Tela goreng ingkang taksih panas dipun tata ing piring wonten meja. Lajeng putranipun ingkang taksih balita mbrangkang nyelaki tela goreng kala wau. Ibunipun menggak, “Ili itu panas jangan dipegang!” Ananging si bocah unika malah saya penasaran lan saya semangat anggenipun nggayuh barang langka kala wau. Sareng saged ngranggeh, sanalika nangis kepiyer awit ngraosaken panasing tela goreng. Kanthi santai ibunipun mungel, “Mama bilang apa, panas ‘kan?”

Para pitados tinimbalan supados dados lantaran berkah dhateng tiyang sanes. Kados pundi caranipun kita dados berkah? Tamtu maneka warni cara anggen kita saged dados berkah, salah satunggalipun saged kita sinaoni saking brayat Rama Abraham. Sasampunipun Ibu Sara kagungan putra, piyambakipun rumaos bilih Ishak punika ingkang badhe dados ahli waris lan binerkahan dados bangsa ingkang ageng lan binerkahan. Mila nyuwun supados Ibu Hagar lan putranipun dipuntundhung saking antawisipun brayat. Tamtu punika dados pengalaman pait kangge Ibu Hagar lan putranipun. Nanging kanthi pengalaman punika, piyambakipun saged survive (bertahan) nata lampah gesangipun, ngantos-antos perangan berkah ingkang ugi dipun janjekaken tumrap gesang brayatipun. Ingkang dipun raosaken srana katundhung nggih punika kasangsaran, jebul dados margi berkahipun Ibu Hagar lan putranipun.

Cetha sapunika, bilih margi berkah mboten namung saking perkawis ingkang ngremenaken, nanging ugi saking perkawis ingkang awrat. Sedaya kelampahan supados kita saged disiplin, telatos, tegen, survive, kendel, gemi, lsp. Tegel menawi mboten maringi tiyang ingkang nyuwun-nyuwun, karana taksih rosa makarya; tegel putranipun dipun setrap guru karana mboten nggarap PR; tegel mboten nuruti sedaya pepenginanipun anak kita. Awit ing titi wancinipun anak, sedherek, sesami kita punika badhe ngundhuh wohipun. [PKS]

Kita sing nandur, anak, putu, dulur, wong liya kang bakal ngundhuh.”

 

Bagikan Entri Ini: