Waosan : Yokanan 7 : 14 – 31 | Pamuji : KPK 139
Nats: “Piwulang iki dudu piwulangKu dhewe nanging piwulange kang ngutus Aku”[ayat 16]
Guru menika mulang biasanipun boten namung saking seserepanipun piyambak. Asring ingkang dipun wulangaken saking buku, saking kawruhipun tiyang sanes. Awit asring seserepanipun piyambak dereng nyekapi kangge mulang para murid. Pramila langkung sae guru asring maos buku-buku supados seserepanipun sansaya kathah.
Kados ingkang kedadosan ing waosan kita, ing wegdal nengah-nengahi riyadi Gusti Yesus lumebet ing Padaleman Suci lajeng mulang. Tiyang Yahudi karana kaeraman lajeng sami ngucap: “Wong iku olehe kawruh kang kaya mangkono iku saka ing ngendi, dene ora nganggo sinau!” Pancen karana kwalitas piwulangipun ingkang sae lajeng wonten ingkang pitaken bab pendidikan-ipun saking pundi.
Kangge paring wangsulan dhateng tiyang menika Gusti Yesus piwulangipun sanes saking pasinaon (sekolahan), nanging kababar saking Gusti Allah. Lajeng Gusti Yesus paring keterangan bilih: a. Piwulangipun sanes saking dhirinipun pribadi, nanging saking Gusti Allah ingkang ngutus Panjenenganipun. b. Piwulang menika kangge sintena kemawon ingkang kepengin nglampahi karsanipun Gusti Allah. c. Piwulang menika sanes kangge pangalembana pribadi, nanging kagem kaluhuranipun Gusti Allah. d. Piwulang menika leres. Piwulang menika nglangkungi piwulang ing Toret.
Piwulangipun Gusti Yesus menika saestu leres, awit sumberipun saking ingkang kagungan. Lan ugi ajinipun pancen sae saestu lan mesthinipun kagungan panguwasa ingkang ngedab-edabi. Pramila langkung sae kangge ingkang sampun mireng pangandikanipun lajeng dipun lampahi; mesthi ugi ndadosaken kaeraman. Panjenenganipun menika sanes guru limrah, ananging guru ingkang celak lan malah tunggil kaliyan sumbering piwulang, awit sumbering piwulang menika, inggih ingkang ngutus Gusti Yesus. Sampun samesthinipun kita kedah nggatosaken lan ngampahi pangandikanipun. [Bpur]
“Piwulang kang sampurna iku asale mesthi saka kang maha sampurna lan mesthi njalari urip dadi sampurna.”