Pisowan Kang Bener

18 October 2017

Waosan : Yokanan (Yohanes) 6 : 25 – 35 | Pamuji : KPK 66 : 1, 3
Nats: “Sing dikersakaké déning Gusti Allah supaya koklakoni, yakuwi precaya marang wong sing diutus déning Panjenengané.”[ayat 29]

Kathah tiyang Kristen ingkang sesarengan sami tetunggilan makempal sowan ngarsanipun Gusti. Saklebatan, patunggilan ageng mekaten menika mesthinipun mbingahaken. Sinten ingkang boten remen menawi ningali pangibadah -ing greja utawi ing griya- ingkang rawuh menika kathah sanget. Menawi ingkang rawuh ing pangibadah ketingal namung sekedhik, lajeng kabudidaya kados pundi caranipun supados kathah ingkang sami rawuh makempal ing pangabekti.

Waosan kita dinten menika nedahaken satunggaling kawonten ingkang nyalawadi (aneh). Tiyang kathah sanget sami gumrudug makempal sowan ing ngarsanipun Gusti Yesus, nanging Gusti ketingal boten rumaos remen. Menika kacetha saking pangandikanipun. Kenging menapa Gusti Yesus boten rumaos remen nampi pakempalan sowanipun tiyang kathah menika?

Pakempalaning tiyang kathah menika anggenipun sowan Gusti Yesus namung karana sampun nampi berkah roti lan sampun kraos wareg. Mbokmenawi pangajeng-ajengipun nggih kepengin nampi berkah-berkah sanesipun. Anggenipun sowan boten kadhasaran krenteg kepengin ngraos-raosaken karsanipun Allah utawi maknaning mukjijat-mukjijat ingkang sampun katindakaken dening Gusti Yesus. Anggenipun sowan namung karana lan kepengin nampi berkah. Motivasi (dhasar) pakempalan lan pisowanan ingkang kados mekaten menika boten mranani penggalihipun Gusti.

Dhasaring pakempalan lan pisowanan ingkang dipun karsakaken dening Gusti nggih menika ngraos-raosaken sedaya pakaryanipun Gusti ingkang kelampahan ing alam donya menika. Saking reraosan menika tiyang badhe mangertos menapa ingkang dados karsanipun Allah, sarta badhe tuwuh raos pitados ingkang tumemen dhumateng Gusti Yesus.

Tamtu kita sampun asring utawi mbokmenawi malah boten nate absen saking pakempalan sowan ngarsanipun Gusti. Nanging sumangga kita naliti dhasaring pakempalan lan pisowanan kita! Menapa krenteging manah kita kinten-kinten sampun selaras kaliyan karsanipun Gusti? Sampun ngantos anggen kita makempal mangabekti namung karana lan kepengin nampi berkah! [st]

“Nunggal lan sowana Gusti kalawan ati kang murni tulus!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak