Pinter Tumrap Kang Becik

26 September 2017

Waosan: Rum 16: 17 – 20  I    Pamuji: KPK 130: 2,3
Nats:
“Pawarta bab kasetyanmu wis keprungu ing wong akeh. Mulane aku bungah banget ing ngatase kowe. Nanging karepku, kowe padha pintera tumrap apa bae kang becik sarta kalis ing sarupaning piala.” (19)

Wonten ingkang dhawuh: ”yen tumindak elek ora usah diwuruki, mesthi bisa.” Artosipun tumindak awon langkung gampil katimbang tumindak sae.

Pramila, Rasul Paulus ngersakaken tiyang-tiyang Kristen ing Rum, sageda pinter tumrap menapa kemawon ingkang sae lan boten kosokwangsulipun pinter rumrap ingkang awon. Pasamuwan ing Rum kadhawuhan sami waspada lan nyingkiri tiyang ingkang nyulayani piwucal ingkang sampun katampi, ingkang murugaken cecongkrahan dan panggodha.

Paulus dhawuh, tiyang-tiyang ingkang nyulayani piwucal menika boten lumados dhateng Gusti, ananging dhateng wetengipun piyambak. Kanthi tembungipun ingkang muluk-muluk lan basanipun ingkang endah sami nindakaken apus krama dhateng tiyang-tiyang ingkang sami tulus manahipun. Paulus nggadhahi pangajab dhateng pasamuwan Rum, supados sami dados pinter ing sadhengah prekawis ingkang sae lan kalis saking sarupining piawon.

Paulus mungkasi pepengetipun kanthi pandonga lan berkah (20). Srana nyebat Gusti Allah dados etuking tentrem rahayu, Rasul Paulus ngengetaken tiyang pitados supados waspada dhateng tiyang-tiyang ingkang nuwuhaken cecongkrahan lan nyakiti manah. Rasul Paulus yakin, bilih Panjenenganipun ingkang ngrukunaken, langkung kiyat tinimbang ingkang ngrisak karukunan. Panjenenganipun nunten enggal nglebur Iblis wonten ing sangandhaping tlapakanipun para tiyang-tiyang suci ing Rum lan badhe kaidak-idak.

Gesanging pasamuwan lan para tiyang Kristen ing sauruting sejarah, saged kemawon ngalami pendadaran ingkang awujud piwulang-piwulang ingkang lelawanan kaliyan Injil, ingkang nuwuhaken cecongkrahan, ingkang ngawula dhateng wetengipun (bandha donya).

Ing kawontenan ingkang kados mekaten menika, kita kadhawuhan sami saged milah milih pundi inkang sae, ingkang dhedhasar piwucalipun Injil. Kita kadhawuhan sami pinter ing sadengah prekawis ingkang sae, lan bodho ing sadengah prekawis ingkang awon. Amin (SS)

 “Dipinter ing bab kang becik lan dibodho ing bab kang ala!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak