Waosan : Markus 7 : 1 – 8 | Pamuji : KPK 165 : 1, 2
Nats: ”Dadi, tanpa teges anggoné ngluhuraké Ingsun, déné kang diwulangaké iku pepakoné manungsa.” [ayat 7]
Wegdal kula badhe bidhal rapat ing kahanan kesesa, kula saestu gupuh karana ajrih telat. Ananging ing satengahing kahanan ingkang kados kalawau, anak kula, Kendra, nggandheng tangan kula dhateng wingking lan matur, ”Buk, ayo ndherek aku ke belakang. Ayo!” kula mangsuli, ”Ada apa, Dhik, ibu kesusu mau berangkat rapat!” ”Itu lho, Buk, ada Mbah tua di sana, kasihan, gak dikasih makan sama uang to, Buk?’’
Kula langsung kaget, anak kula, Kendra, piyambakipun taksih umur 3 taun ananging sampun perduli dhateng kabetahanipun tiyang sanes. Lha kula, ingkang sampun dewasa langkung-langkung sampun dados pendhita asring kesupen kaliyan kabetahanipun tiyang ingkang sekeng. Asring kula namung disibukkan kaliyan kegiatan-kegiatan ajeg ananging mboten mujudaken punapa sejatosipun ingkang dipunkersakaken dening Gusti, salah satunggalipun inggih punika nresnani sesami.
Kados ing waosan kita ing dinten menika, kita saged sinau sesarengan bilih sampun ngantos kita gesang namung nuruti lan nglampahi aturan-aturan ingkang dipundamel dening manungsa lan kangge manungsa ananging ngiwakaken (mengabaikan)aturan saking Gusti Allah. Menika ingkang dipun lampahi dening tiyang-tiyang Farisi lan para ahli Toret. Tiyang-tiyang menika langkung nggatosaken lan nuruti adat lan pepakening manungsa, tinimbang nindakaken karsanipun Gusti Allah. Kadhang kala kita mrangguli kawontenan ingkang ngadhepaken kita dhateng pepakening adat ingkang lelawanan kaliyan pepakenipun Allah. Ing ngriku tamtu kita kedah milih nindakaken pepakenipun Gusti Allah.
Swawi kita langkung perduli malih satemah kita saged mujudaken karsanipun Gusti lumantar pitutur, pikiran lan tingkah laku kita.Mugi Gusti nyagedaken kita. Amin. [Rena K.]
“Pepakone Gusti Allah gawe slamet, pepakoning adat asring njalari kejiret.”