Waosan : Jabur (Mazmur) 130 : 1 – 8 | Pamuji : KPK 82
Nats: ‘Aku nganti-anti marang Pangeran Yehuwah, nyawaku ngarep-arep, lan aku ngarep-arep marang Pangandikane.” [ayat 5]
Mazmur waosan kita dinten menika nedahaken bilih Juru mazmur rumaos pikantuk hikmah (piwulang) saking gesang ingkang boten mituhu dhawuhipun Allah. Patrap ingkang mblunthah menika murugaken kasangsaran ing telenging jurang. Tumindak dosa lan piawon njalari judheging penggalih ingkang saestu nyedhihaken. Pramila, juru mazmur sesambat nguwuh-uwuh dhumateng Gusti Allah nyuwun pangluwaran saking kasangsaran lan kasedhihanipun.
Pasambatipun kinanthenan kapitadosan dhumateng sih kawelasanipun Allah, sarta panalangsa awit saking tumindakipun ingkang boten mbangun turut dhateng rehipun Allah. Pasambatipun ugi kinenthenan sedya nindakaken pangandikanipun Allah minangka pambangun turutipun dhumateng pangrehipun Gusti Allah.
Supados saged kaluwaran saking kasangsaran wohing dosa, pramila lajeng nyuwun pangapunten dhumateng Allah. Supados saged gesang mbangun turut dhumateng Allah, pramila lajeng ngantos-antos kanthi temen wedharing pangandikanipun Gusti Allah. Pangantos-antosipun ingkang sanget dhateng pangandikanipun Allah menika nedahaken bilih dhawuh pangandikanipun Allah menika dados pitedah lan pikekah tumrap wujuding gesang ingkang mbangun turut dhumateng Allah.
Samangke, kados pundi tumrap kita? Sepinten lebeting panalangsa kita tumrap tumindak kita ingkang lelawanan utawi boten selaras kaliyan karsanipun Allah? Sepinten antebing raos kita dhateng ajining pangapuntenipun Gusti? Sepinten mantebing kapitadosan kita dhateng sih kawelasanipun Gusti Allah Rama kita? Sarta sepinten agenging sedya kita badhe mituhu dhawuh pangandikanipun Allah?
Ingkang menika, swawi kanthi lebeting manah kita nlangsani panerak kita! Kita antebi raos pangraos kita, kita mantebaken kapitadosan kita sarta kita giligaken sedya kita mbangun turut dhumateng Gusti. [st]
“Pambangun turut njalari urip dadi berkah.”