Waosan : Yeremia 2 : 23 – 37 | Pamuji : KPK 133 : 1, 3
Nats: “… ewadene sira ngucap: Aku ora gawe dosa! Pancen bebendune wus sumingkir saka aku!” [ayat 35]
Nalika bangsa Indonesia lumebet ing era reformasi, kathah pejabat ing jaman orde baru rumaos bilih piyambakipun menika piyantun ingkang “resik”. Karana menika supados masyarakat pitados bilih piyambakipun menika piyantun ingkang “resik”, piyambakipun wicanten perkawis cara anggenipun mberantas KKN (Korupsi Kolusi Nepotisme). Boten namung menika, piyambakipun ugi wicanten bilih boten nate tumindak korupsi. Nyatanipun, kathah pejabat ingkang ngaken boten tumindak korupsi, ing sanes dinten dipun tangkep KPK karana kabukti tumindak korupsi. Kedadosan ingkang mekaten menika dados gegambaran pemanggih kita lepat. Tiyang ingkang ketingalipun sae, boten korupsi nyatanipun tumindak awon utawi korupsi.
Bangsa Yehuda ing jamanipun nabi Yeremia, dipun gambaraken umat ingkang rumaos leres miturut pemanggihipun piyambak. Nanging nyatanipun bangsa Yehuda tumindak awon lan boten leres ing ngarsanipun Gusti. Pramila Allah ngutus nabi Yeremia ing tengahing bangsa Yehuda ngengetaken tumrap sedaya tindak-tandukipun bangsa Yehuda ingkang tebih saking karsanipun Allah. Gusti kuciwa dhateng sedaya tumindakipun bangsa Yehuda ingkang boten setya. Bangsa Yehuda langkung ngandelaken kakiyataning manungsa tinimbang Gusti Allah. Ngandelaken pemanggihipun piyambak tinimbang mbangun miturut karsanipun Gusti. Para imam lan para nabi nalika semanten sami nyembah dhateng Baal. Sesambetanipun Gusti Allah lan bangsa Yehuda ingkang waunipun celak samenika tebih karana dosa ingkang dipun tindakaken bangsa Yehuda. Bangsa Yehuda sampun kesupen kaliyan Gusti Allah ingkang sampun ngentasaken saking Mesir ugi maringi tanah perjanjian.
Kita kadhang ugi boten setya dhumateng Gusti, asring nebih lan nilar Gusti. Menapa ingkang kita wastani leres lan sae, dereng tamtu leres lan sae miturut Gusti. Kita kedah sadar bilih pemanggih kita asring lepat, sampun ngantos kita rumaos leres lan sae piyambak. Swawi kita jujur bilih kita asring tumindak dosa lan piawon ing ngarsanipun Gusti. Mangga kita enget timbalanipun Gusti dhateng kita, sampun ngantos kita nilar Gusti Yesus, awit sedayanipun badhe muspra. Kita nunggil kaliyan Gusti ing sauruting lampah kita. [AR]
“Bilai tumrap wong kang ora gelem ngakoni luput.”