Paseksinipun Gusti

8 June 2017

Waosan : 2 Timotius 1 : 8 – 12 | Pamuji : KPK 155
Nats: “Mulane aja isin nglairake paseksen bab Gusti kita, … melua nandhang sangsara kanggo Injile, kalawan kakuwataning Allah.” [ayat 8]

Kasus Ahok ingkang dipun wartosaken wonten TV, koran lan internet dados pawartos nasional malah internasional. Kasus menika dados bahan wicantenan tiyang Indonesia, wiwit saking warung ngantos kantor. Ahok ingkang dipun dakwa nindakaken penistaan agama dipun adili ing persidangan. Ing persidangan para seksi ngaturaken paseksi, dipun sumpah miturut agaminipun. Ateges para saksi menika kedah matur ingkang temen lan bener, boten dipun rekayasa. Menawi paseksinipun boten leres/ goroh, saksi menika saged kaancam paukuman kunjara.

Rasul Paulus paring piwucal dhateng Timotius, ngengetaken sampun ngantos Timotius ajrih utawi isin nyekseni bab Gusti Yesus. Paulus ngatag Timotius supados nuladhani piyambakipun ingkang nandhang sangsara nalika martosaken Injilipun Gusti. Paulus pitados bilih Gusti Allah maringi kakiyatan lan karahayon nalika piyambakipun nyekseni lan martosaken Injilipun Gusti. Gusti Allah ingkang nimbali, Gusti Allah ugi ingkang maringi panguwaos dhateng Timotius dados seksinipun. Gusti Allah maringaken Roh ingkang nuwuhaken kakiyatan, katresnan lan katertiban kangge nyekseni pakaryan lan sihipun Gusti Allah.

Kados dene Timotius, Gusti ugi nimbali kita dados paseksinipun. Sampun ngantos kita ajrih utawi isin martosaken Injilipun Gusti. Kita badhe ngadhepi mawarni-warni perkawis nalika dados seksi. Ing ngriku kita kedah yakin lan pitados bilih Gusti Yesus boten nilar kita piyambak. Roh Suci tansah nganthi lan nulungi kita temah kita wantun lan boten isin nyekseni Injilipun Gusti. Pakaryan, pangucap lan tumindak gesang kita ingkang ngluhuraken Gusti Yesus wujudaken paseksi kita ing gesang. Kita nggadhahi jejibahan ngundhangaken pawartos kabingahan, katentreman lan kawilujengan saking Gusti Yesus dhateng manungsa. Mangga kita nindakaken paseksi ingkang sae supados sarana paseksi kita, sedaya tiyang ingkang mireng lan ningali tumindak gesang kita, saged ngraosaken pakaryan lan panguwaosipun Gusti. [AR]

“Paseksi sanyata inggih paseksi kita bab Yesus Sang Pamarta.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak