Panjenange Wus Ngrembat Karingkihan Kita

14 December 2016

Waosan : Mateus 8 : 14 – 17, 28 – 34 | Pamuji : KPK 88
Nats: “Panjenengane wus ngrembat karingkihan kita lan nyanggi lelara kita.” [ayat 17]

Wonten tiyang sampun sepuh ingkang ngrembat rumput saking pasabinan wangsul dhateng griyanipun. Krana taksih tebih lampahanipun, pramila saben-saben kedah kèndel awit kawratan margi kekiyatananipun winates. Ujuk-ujuk wonten tiyang ingkang taksih kiyat lan prakosa nulungi tiyang ingkang kawratan menika. Elokipun malih ingkang nulungi kalawau wayahipun ingkang manggen ing panggenan sanes kleresan tilik dhateng simbah ingkang sampun sepuh kalawau. Tamtu piyantun sepuh kalawau bingah sanget, awit anjawi pinanggih kaliyan wayahipun ingkang ketingalipun sampun kangen lan piyambakipun rumaos dipun tulungi ngrembat rumput ngantos dumugi griya.

Waosan kita nandhesaken bilih mbelani tiyang sanes kalebet nyanggi lelara dipun lampahi boten namung amargi welas asih, nanging menika perangan saking Pakaryanipun Sang Mesih. Pramila menawi ing waosan kita Panjenenganipun sampun ngrembat karingkihan kita lan nyanggi lelara kita sanes Panjenenganipun mindhah karingkihan lan sesakit kita wonten ing Panjenenganipun, ananging malah nyingkiraken sedaya karingkihan lan sesakit kalawau. Menika wujuding pengalaman enggal ingkang mesthi kedah kalampahan ing jaman enggal peparingpun Gusti, ingkang dipun lampahi wonten ing Gusti Yesus Kristus. Kalayan menapa ingkang dipun lampahi dening Gusti Yesus ingkang ngrembat dosa kita, sesakit gesanging manungsa ingkang sampun dhawah ing dosa badhe kasingkiraken. “Sarta Panjenengane bakal ngusapi sakehe luh saka ing mripate, lan bakal ora ana pati maneh, kasusahan lan pasambat, apa dene karubedan iya bakal wus ora ana, amarga samubarang kang lawas wus padha kapungkur.” (Wahyu 21:4)

Pancen yektos bilih pitulunganipun Gusti menika sampurna, boten wonten ingkang sisa menggah sadaya lalampahan awon ing jagad badhe kasirnakaken. Menika boten namung dados rancangan, nanging sampun kalampahan awit jaman samenika sampun dados jaman enggal. Awit sampun kelampahan Gusti ngrembat dosaning jagad. Kita ugi dados sarana kangge nglajengaken pakaryan ing jaman enggal menika, mila kita sageda nulungi sinten ingkang mbetahaken pitulungan. [Bpur]

“Nulungi tiyang sanes menika bukti bilih kita gesang ing jaman enggal.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak