Waosan: Nahum 1:1-13 | Pamuji: KPK. 176
Nats: “Pangéran kuwi becik, asih lan welasan; wong mursid padha direksa ing mangsa karubedan; wong sing mratobat lan bali menyang Panjenengané padha digematèni.” (ay. 7)
”Pak Pendhita, panjenengan benjing ngladosi syukuran, panjenengan dipun aturi cinta kasih punapa boten?” Pak Pendhita lajeng mangsuli: “yen ana ya arep, yen ora ana ya ngarep-arep?” Jejer renungan wulan punika: “Gusti neguhaken tiyang ingkang nggadhahi pangarep-arep.” Punapa wosipun pangarep-arep? Punapa kados dene aturipun Pak Pendhita kalawau? Punika sanes pangarep-arep nanging pamrih.
Tembung pangarep-arep punika inggih berharap lan harapan ingkang nyatunggil. Trep punika cocok, selaras, sesuai dengan situasi, harmonis. Dados, pangerep-arep ingkang trep wosipun: (berpeng)harapan ingkang sesuai, selaras, lan ing tembenipun mujudaken harmonisasi. Pengarep-arep ingkang trep dados tandha bilih kita boten kaseret ing pangarep-arep semu, nanging kita ngrumaosi bilih punapa ingkang kelampahan punika badhe kita tampeni menawi sedaya punika tinemu ing nalar.
Conto pangarep-arep ingkang boten trep: Ngarep-arep sugih, nanging boten purun usaha. Ngarep-arep urip tentrem rahayu nanging terus-terusan tumindak duraka, awit nganggep “Gusti mesthi ngapurani durakaku”. Punika ateges, nyalah-ginakaken katresnanipun Gusti. Menawi kita pitados Gusti punika welas asih, mesthinipun kita malah nresnani sesami. Mesthinipun kita manut Gusti, boten Gusti ingkang manut pikiran lan konsep kita piyambak.
Niniwe punika nate mratobat karana kotbahipun Yunus kirang langkung 100 tahun saderengipun, nanging bangsa punika wangsul malih nyembah brahala, tumindak kejem lan nindhes. Waosan dinten punika nggambaraken Gusti Allah ingkang imbang. 1) Allah kagambaraken minangka Allah ingkang paring piwales, manungsa boten badhe kiyat ngadhepi bebenduni-Pun. Kosok wangsulipun, Yehuwah punika asih-welasan (ayat 7), ugi becik, karsa dados pangayomanipun tiyang ingkang ngendelaken Panjenenganipun. Wosipun, Gusti Allah punika welas asih, nanging ugi teges sarta adil! Menawi kita nggadhahi pangarep-arep ingkang trep ing Gusti, kita badhe saged ngrampungi mangsa kapengker, awit nggadhahi mangsa ngajeng ingkang endah. (pong)
“Sapa duwe pangarep-arep kang trep, uripe bakal mantep.”