Waosan : Jabur (Mazmur) 99 : 1 – 9 | Pamuji : KPK 14 : 1, 2
Nats: “Padha ngluhurna Pangéran, Allah kita, lan sujuda nyembah ana ing ancik-anciké sampéyané, Panjenengané suci.” [ayat 5]
Wonten warni-warni gegambaran ingkang kaetrapaken dhumateng Gusti Allah. Panjenenganipun kagambaraken minangka Pangen ing lelampahaning gesang kita. Panjenenganipun kagambaraken minangka latu (api) ingkang madhangi lan nucekaken gesang. Ing gesanging bebrayatan Gusti Allah kagambaraken minangka Rama. Ing salebeting pangabekti -ing waosan kita dinten menika- Gusti Allah kagambaraken minangka Ratu (Raja) ingkang pinarak lenggah ing satunggaling dhampar dhenta (singgasana), dene sampeyanipun (kakiNya) ancik-ancik satunggaling papan tartamtu.
Wonten ing papan pangibadah (wangunan greja), dhampar dhenta menika kalambangaken ing mimbar ageng. Ing mimbar menika kalambangaken Gusti Allah paring sabda pangandika lan berkah dhateng umat ingkang sami sowan mangabekti. Altar ing sangajenging mimbar dados pralambang papan ancik-aciking sampeyanipun Gusti. Ing altar menika umat sujud ngaturaken sembah pangabekti, masrahaken gesang lan ngaturaken pisungsung.
Kadhawuhaken supados kita sujud ngaturaken sembah bekti dhumateng Gusti. Saboten-botenipun wonten tigang pangertosan saking dhawuh menika:
- Kanthi andhap asor anggen kita sowan mangabekti ing ngarsanipun Gusti;
- Kanthi tumemen, lair lan batos, anggen kita mangabekti;
- Manah lan penggalih kita ngener (fokus) dhateng Gusti ingkang pinar lenggah ing ngajeng kita sadanguning anggen kita mangabekti.
Perkawis-perkawis menika wigatos ing salebeting pangibadah. Karana, kadhang kala anggen kita mangibadah, langkung-langkung menawi kita ndherek lelados, kita sok boten andhap asor, kita ngongasaken dhiri, kita pados pangalembana. Anggen kita nindakaken pangabekti sok namung “sak-sake” anggen kita menyanyi, anggen kita ndedonga, malah kadhang kala wonten ingkang sinambi “main” HP. Ing salebeting pangibadah manah lan penggalih kita nganglang dhateng panggenan utawi perkawis sajawining pangibadah, boten konsentrasi dhumateng Gusti ingkang pinarak ing ngriku. Samangke mangga kanthi andhap asor, tumemen lan ngener dhumateng Gusti anggen kita mangabekti dhumateng Gusti. [st]
“Dhuh Gusti, kawula ngasoraken dhiri ngaturaken sembah pangabekti.”