Waosan : Jabur (Mazmur) 51 : 1 – 21 | Pamuji : KPK 50 : 1 – 3
Nats: “Margi kawula piyambak sampun ngrumaosi ing panerak kawula, lan kawula tansah ngudi ngawonaken dosa kawula.Enggèn kawula damel dosa menika dhumateng Paduka, inggih dhumateng Paduka piyambak; kawula nglampahi ingkang awon ing paningal Paduka.” [ayat 5-6a]
Wonten tiyang sepuh ingkang saweg gregeten lan duka sarta kepengin midana putranipun ingkang nindakaken kalepatan ageng. Karana, putranipun menika boten mbangun turut dhateng tiyang sepuh, malah mirangaken tiyang sepuhipun. Nanging kang putra menika ngrumaosi sampun tumindak awon lan dosa, sampun mirangaken asmanipun tiyang sepuh. Mangka piyambakipun ugi ngrumaosi tiyang sepuhipun menika tresna sanget dhateng piyambakipun. Tiyang sepuhipun menika kondhang dados tiyang ingkang sae lan sembada ing tengahing masyarakat. Kang putra menika ngrumaosi bilih piyambakipun menika kebangeten. Pramila, lajeng kang putra menika nlangsani kanthi saestu tumindakipun ingkang lepat. Piyambakipun lajeng ngakeni kalepatanipun ing ngarsanipun tiyang sepuh kanthi panalangsa ingkang lebet, ngantos nangis sesenggukan. Piyambakipun namung pasrah sawetah dhateng tiyang sepuh. Menawi badhe dipun patrapi pidana, piyambkaipun inggih namung manut lan pasrah. Tiyang sepuhipun malah dados lilih, nunten ngapunten putranipun.
Lah mekaten ugi pangaken lan panalangsanipun Sang Prabu Dawud tumrap dosa lan kalepatanipun ing ngarsanipun Gusti Allah. Piyambakipun ngakeni bilih kathah sanget dosa lan kalepatanipun, awit wiwit lair mila piyambakipun –lan sedaya manungsa- nandhang dosa. Piyambakipun ugi pasrah sawetah dhateng karsanipun Allah, nadyan kedah nampi pidana, sauger kaapunten dosa lan kalepatanipun. Pangaken lan panalangsa sarta pasrahipun Dawud menika saestu temen-temen, ketitik anggenipun purun nyerat pengakening dosanipun menika. Menika ateges bilih pengakening dosanipun menika dipun sumurupi dening tiyang kathah.
Saben-saben kita rumaos sampun nindakaken kalepatan lan dosa, prayogi kita enggal-enggal ngakeni lan nlangsanikalepatan lan dosa kita ing ngarsanipun Allah Rama kita.Pangaken kita kedah kanthi temen keduwung. [st]
“Dhuh Rama, nyuwun pangapunten kawula sampun ndamel Paduka kuciwa lan nalangsa!”