Aja Dadi Sandhungan

4 March 2017

Waosan : Matius 18 : 1 – 7 | Pamuji : KPK 104 : 1, 3
Nats: “Bilai jagad lan sakabehing sesandhungane. Sandhungan iku pancen kudu ana, nanging bilai wong kang njalari tekane”. [ayat 7]

Ing wulan Oktober 2016 kepengker wonten pawartos bab Dimas Kanjeng Taat Pribadi. Piyambakipun dipun tahan polisi kadakwa mejahi tiyang kalih pandherekipun. Piyambakipun ugi ngapusi tiyang kathah kanthi ilmu penggandaan uang. Kathah tiyang ingkang boten kiyat imanipun, pitados dhateng Dimas Kanjeng lan dados pandherekipun kanthi pangajeng-ajeng saged dados sugih karana artanipun tambah-tambah kathah cacahipun.

Jaman samangke pancen kawastanan jaman edan. Kathah tokoh lan pemimpin ingkang kedahipun dados conto kasaenan lan kaluhuran, nanging sami dipun tangkep KPK karana tumindak korupsi. Piyambakipun ingkang dipun pitados mimpin rakyat, kathah ingkang dhawah, nyeleweng lan menyalahgunakan jabatanipun kangge tumindak awon. Gesang ingkang kedahipun saged dados berkah karana pangabdinipun, sirna dados sandhungan kangge tiyang sanes.

Gusti Yesus ngengetaken para sakabat sampun ngantos dados sandhungan kangge tiyang sanes. Karana tiyang ingkang mekaten badhe ngalami bilai. Sandhungan ing alam donya menika kathah cacahipun, pramila Gusti Yesus ngendika cilaka kanggene tiyang ingkang dados sandhungan dhateng sesaminipun. Gusti Yesus ngersakaken para sakabat supados waspada tumrap sedaya kahananing gesang, sampun ngantos dados sandhungan.

Kados pundi kaliyan gesang kita? Menapa saged dados berkah utawi dados sandhungan tiyang sanes? Gusti Yesus nimbali kita dados berkah kangge tiyang sanes. Karana menika kita perlu ngupaya kanthi temen-temen supados pangucap kita boten dados sandhungan. Pangucap kita dadosa pangucap ingkang mbangun, ingkang ngiyataken, ingkang nglipur dhateng sesami. Tumindhak kita, inggih menika kasaenan, kajujuran, katresnan lan kasetyan dhateng Gusti lan sesamining gesang. Sikap kita inggih menika sabar, welas asih, saha setya dhateng Gusti lan sesami. Mangga kita sami ngestokaken pangandikanipun Gusti menika. Gesang kita dadosa berkah kangge sesami, gesang ingkang maedahi lan boten dados sandhungan tumrap sesami kita. Gusti paring kawicaksanan lan pepadhang ing lampah gesang kita. [AR]

“Aja dadi sandhungan nanging dadia berkah kangge liyan!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak