Waosan : Jabur 103: 8-13   |   Pamuji: KPK 45: 1, 3
Nats:
“Amarga Panjenengane mirsa kedadean kita iku saka apa, sarta enget yen kita iku lebu.” (ay.14)

Wonten satunggal iklan ingkang nggambaraken kados pundi ibu ingkang protektif (rumeksa sanget) dhumateng anakipun. Kacarita mangsa rendheng ndadosaken kathah anak-anak ingkang kaserang sakit flu, demam. Mila wekdal anakipun badhe dolanan, dipun dhobeli rasukanipun matikel-tikel, dipun paringi mantel jawah sarta helm. Pancen katinggal lucu, karana ibu punika overprotekif dhumateng anakipun, ananging pancen punika kasunyatan ingkang dipun alami dening sadhengah tiyang sepuh ingkang sanget nresnani para anakipun.

Trenyuh maos waosan kita ing dinten punika. Gusti Allah punika overprotektif dhateng manungsa. Punika karana Gusti Allah mboten negakaken manungsa dipun kuwaosi dosa. Kejawi overprotektif, Gusti Allah kita punika ugi Gusti ingkang overkatresnan. Punapa dhasaripun? Dhasaripun inggih karana Gusti Allah mangertos sinten sejatinipun manungsa. Pancen manungsa punika dipun titahaken Gusti Allah manut miturut gambaripun, ananging manungsa dipun titahaken saking lebu. Mila manungsa dhasaripun ringkih kados dene lebu. Ringkih mboten namung badanipun ingkang gampil risak, ananging ugi ringkih manah sarta iman pracayanipun sarta gampil semplah.

Sampun kathah ingkang dipun tindakaken manungsa ing alam donya, mawarni-warni dosa ngantos dados sega jangan, dados pakulinan. Kagambaraken tiyang dosa ingkang tebih saking Gusti, kados dene langit lan bumi, kados dene wetan lan kilen. Mboten badhe kepanggih! Ananging Gusti kita ingkang overkatresnan punika mboten ndamel singgetan (jarak) minangka masalah. Gusti ingkang nyelak lan paring pitulungan dhateng kita.

Mboten wonten tiyang ingkang luput saking dosa. Sampun ajrih sarta nggalih mawarni-warni! Saking punapa ingkang sampun kita tindakaken, punapa Gusti taksih purun nampi kula? Punapa Gusti taksih tepang kaliyan kula ingkang sengaja nebih? Punapa Gusti mboten isin ngakeni kula minangka putranipun? Panjenengan tamtu sampun mangertos jawabanipun! [PKS]

“Gusti sampun overkatresnan, sumangga manut kemawon!“

Renungan Harian

Renungan Harian Anak