Waosan : Matius 25 : 31 – 46 | Pamuji : KPK 175 : 3
Nats: “Ing kono wong-wong mau bakal padha munjuk: dhuh Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan, utawi kesatan, utawi pinuju lelana,punapa kelukaran utawi gerah, punapa wonten ing pakunjaran saha mboten kawula ladosi?” [ayat 44]
Sampun kaping pinten panjenengan katam maos Kitab Suci? Sepinten kathahipun ayat Kitab Suci ingkang sampun panjenengan apalaken? Sampun pinten tiyang ingkang panjenengan aturi pitulungan? Peladosan menapa kemawon ingkang sampun panjenengan lampahi? Maos Kitab Suci, apal ayat-ayat Kitab Suci, mitulungi tiyang sanes lan nindakaken sawernining peladosan, menika sadaya sarupining tumindak sae minangka para tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus.
Nanging menawi nggatosaken sarta ngraosaken pangandikanipun Gusti Yesus ing waosan dinten menika, sarupining tumindak sae menika mboten ndadosaken para tiyang kalebetaken kelompok ingkang nampi kabegjan dening Gusti Yesus. Para tiyang menika tanglet dhateng Gusti Yesus: “kala menapa kawula mboten ngladosi Paduka?” (ayat 44)
Pitakenan menika ngemu teges, para tiyang menika ngrumaosi sampun nindakaken kasaenan kanthi ngladosi Gusti Yesus, nanging miturut Gusti Yesus tiyang-tiyang menika boten tumindak mekaten. Kosok wangsulipun, para tiyang ingkang kasebat dening Gusti Yesus ngladosi Gusti Yesus, mboten ngrumaosi sanpun tumindak sae.
Gusti Yesus Maha Mirsa, mboten namung ingkang katingal dening menungsa ingkang dipun pirsani, nanging ugi ingkang mboten katingal, inggih menika ingkang wonten ing salebeting manah. Milanipun, sumangga kita mboten namung ngupadi tansah nindakaken kasaenan, nanging ugi mbudidaya njagi manah kita. Sumangga tansah mbudidaya supados ingkang kalairaken ing tumindak kita menika dados wujuding raos sukur kita sarta kapitadosan kita dhumateng Gusti. Mboten krana kita ngudi dipun biji sae dening tiyang sanes, utawi ngudi pikantuk ganjaran saking Gusti. [wati]
Kasaenan ingkang nyata inggih menika kasagedan ngraosaken kasangsaran sarta kabingahanipun tiyang sanes.