Nyusutaken Katentreman

30 January 2017

Waosan : Jabur (Mazmur) 37 : 1 – 17 | Pamuji : KPK 156 : 1, 4
Nats: “Aja nepsu marga saka wong kang nglakoni piala, aja meri marang wong culika!” [ayat 1]

Wonten cariyos Pak Kurdi, tiyang sugih ingkang kepencut kaliyan tata gesang Pak Kusri, tiyang ingkang gesangipun pas-pasan. Pak Kurdi lajeng manggihi Pak Kusri sarta pitaken, “Kang, aku ndelok uripmu sarwa kurang neng uripmu kok ayem tentrem. Apa rahasiane, Kang?” Wangsulanipun Pak Kusri, “Ora ana rahasia. Mung aku mikir lan nglakoni apa sing ana, dudu sing ora ana. Anane sega uyah ya ditrima, tanpa ngangen-angen jangan iwak. Anane sepedha onthel tuwa, tanpa ngangen-angen suk tuku mobil.” Karana sampun mangertos rahasia katentremansaking Pak Kusri, Pak Kurdi lajeng maringi hadiah mas-masan lan yatra minangka tandha pamatur nuwun.

Sasampunipun nampi hadiah, Pak Kusri nggadhahi pangangen-angen pengin mbenakaken griya, pengin tumbas sepeda motor, TV lan perabot sanesipun. Kahanan punika malah ngicalaken katentreman. Piyambakipun ajrih menawi bandhanipun dipunpendhet tiyang. Piyambakipun mboten saged tilem, mboten saged medamel kanthi sekeca. Karana punika Pak Kusri mangsulaken malih bandha kala wau murih saged ngraosaken ayem tentrem malih.

Punjering kasangsaran lan icaling katentreman punika asring karana manungsa menggalih kejeron perkawis-perkawis ingkang mboten perlu ing lampah gesangipun. “Aja nepsu marga saka wong kang nglakoni piala, aja meri marang wong kang culika”. Prabu Dawud ngemutaken dhateng kita, mboten perlu meri kaliyan kesuksesan, kaunggulaning tiyang ingkang ala tumindakipun. Perkawis punika malah badhe ngregeti manah kita lan dados sumbering iri lan panas ati. Gesang kita badhe tebih saking katentreman.

Kita mangertos punapa pituasipun tiyang nglampahi piala lan tiyang culika badhe katumpes, bakal sirna, karana watak punika nglawan Gusti Allah. Tinimbang ngregeti ati lan nyusutaken katentreman, sumangga kita mujudaken katresnan kita dhumateng sintena kemawon ingkang tumindak piala lan culika kanthi pangajeng-ajeng supados enggal wonten ewah-ewahan ing lampah gesangipun. Sokur-sokur menawi kita purun ndongakaken! Punika cara ngresiki ati lan nambahaken katentreman ing gesang kita. [PKS]

Katentreman lair saka ati lan budi kang resik!

Renungan Harian

Renungan Harian Anak