Nyenggut Bebarengan

14 March 2017

Waosan : Yesaya 65 : 17 – 25 | Pamuji : KPK 177
Nats: “Asu ajag lan cempe bakal nyenggut bebarengan, singa bakal mangan dami kaya sapi sarta ula uripe bakal saka lebu.” [ayat 25a]

Kawontenaning gesang kita saben dinten punika kebak kaliyan prekawis ingkang mboten kanyana-nyana. Nembe kemawon kita bebingah, sekedhap malih sampun wonten kasisahan. Utawi saged kemawon tiyang kasisahan sanget, nanging nyata kasisahan punika dados jalaraning nampeni karahayon ingkang ageng. Tiyang asring ngrumaosi gesangipun kebak karibedan, mangka tiyang sanes terus nampeni berkah kabingahan. Ing antawis kita wonten unen-unen “urip iku sawang sinawang”. Tetembungan punika maringi piwucal bilih bungah lan susah sejatosipun gumantung tata lan caranipun kita ningali saben prekawising gesang. Kangge umat Israel, sedaya kasangsaran dipun pitadosi minangka wohing pendamelipun ingkang mboten ngugemi karsanipun Allah.

Pangajeng-ngajeng kita terus tuwuh nyarengi kapitadosan kita. Pancen wonten sawatawis ingkang kecalan pangajeng-ngajeng, awit keseringan gela ngadhepi kawontenan gesang ingkang nguciwani. Ageng utawi alit, saben tiyang nggadhahi pangajeng-ngajeng bab gesangipun ing tembe. Tanpa pangajeng-ajeng, tiyang badhe nglokro, sakit utawi nemahi pejah. Bangsa Israel ingkang mataun-taun ngalami kasangsaran ugi nggadhahi pangajeng-ngajeng bab kawilujenganipun saking pangwasaning bangsa sanes. Pangajeng-ajengipun bangsa Israel saya ageng nalika Nabi Yesaya nglantaraken dhawuhipun Gusti. Yesaya kautus martosaken kawilujengan peparingipun Gusti kangge bangsa Israel. Kawilujengan punika sampun kacawisaken, lan mesthi kelampahan menawi Israel pitados lan ngugemi dhawuhipun Gusti. Gusti tresna dhateng umatIPUN, lan prekawis punika nyata ing pangandikanipun.

Langit lan bumi enggal katitahaken dening Gusti kangge para pitados ingkang setya dhumateng Panjenenganipun. Punapa ta kawilujengan lan gesang rahayu peparingipun Gusti punika? Pasemoning gesang rahayu punika inggih wontenipun langit lan bumi enggal. Ingkang nengsemaken bab langit lan bumi enggal punika kagambaraken bilih asu ajag lan cempe ingkang sami nyenggut (nedha) sesarengan. Gegambaran punika negesaken bilih nunggil kaliyan Gusti punika babar pisan mboten nggadhahi raos kuwatir, awit ingkang limrahipun ngrisak gesang sampun kabirat dening Allah. [DLS]

Sesarengan kaliyan Gusti, kita mangun karukunaning sedaya titah.

Renungan Harian

Renungan Harian Anak